Menyang kontèn

Leléwaning basa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Leléwaning basa yaiku cara ngandharaké penggalih lumantaring basa kanthi cara mligi, kang nuduhaké jiwa lan kapribadèn panganggit utawa panyerat. Leléwaning basa kang apik iku kudu ngandhut telung unsur yaiku kajujuran, andhap asor, lan nengsemaké.[1].

Ana ing leléwaning basa nggunakaké basa kias utawa basa kang éndah. Basa kias figure of speech yaiku sawijining panyimpangan basa kanthi cara evaluative utawa kanthi cara emotif saka basa baku ing sajeroning éjaané, wujud tembungé, konstruksi (ukara, klausa, frasa), lan aplikasi sawijining istilah.[1].

Leléwaning basa dibédakaké dadi patang golongan, yaiku:

  1. Leléwaning basa perbandingan
  2. Leléwaning basa pertentangan
  3. Leléwaning basa pertautan
  4. Leléwaning basa perulangan

Golongan leléwaning basa[besut | besut sumber]

Leléwaning basa perbandingan[besut | besut sumber]

Leléwaning basa perbandingan yaiku leléwaning basa kang bandingaké karo babagan kanghakikaté béda nanging dianggep padha. Antarane:

  • Simile/parumpamaan yaiku leléwaning basa kang bandingaké karo babagan kang hakikaté ana gayutané lan sengaja dianggep padha.[2].
  • Metafora yaiku leléwaning basa kang bandingaké babagan kang implisit dadi ora gunakaké tembung (lir lan kaya) antarané babagan kang béda.[2].
  • Personifikasi yaiku leléwaning basa kang nggunakaké sipat insani tumuju ing barang mati lan pamanggih kang abstrak.[2].
  • Alegori yaiku carita kang dijabarké ing sajeroning lambang-lambang.[2].
  • Pleonasme yaiku leléwaning basa kang nggunakaké tembung kang keluwihen utawa mubadzir, kang sabeneré ora kanggo.[2].
  • Antitesis yaiku leléwaning basa kang nganakaké pambandingan utawa komponèn antarané loro antonim[2].
  • Depersonifikasi yaiku leléwaning basa kang nggunakaké sipat piranti tumuju ing manungsa.[2].
  • Perifrasis yaiku leléwaning basa kang nggunakaké tembung kang luwih akèh katimbang kang dibutuhké.[2].
  • Prolepsis yaiku leléwaning basa kang awujud nggunakaké sawijining tembung utawa akèh dhisik sadurungé gagasan utawa kedadèan kang sajati.[2].
  • Eparnortesis yaiku leléwaning basa kang awujud wiwitane arep mretelake sawijining, nanging ndeloki kang salah kaya piyé.[2].

Leléwaning basa pertentangan[besut | besut sumber]

Lelewaning basa pertentangan yaiku tembung kias kang ngandharaké tentangan kanthi apa baé kang dimaksudake. Antarané:

  • Hiperbolayaiku lelewaning basa kang ngandharaké kanthi cara luwih.[2].
  • Litotesyaiku lelewaning basa kang wujud pernyataan kanthi cara nyangkal utawa mblenjanin sawalikipun.[2].
  • Ironi yaiku lelewaning basa kang ngandharaké teges kang lawanan kanthi maksud ngèlèk-èlèk utawa ngawonaké.[2].
  • Oksimoron yaiku lelewaning basa kang ngandhut tentangan kanthi gunakaké tembung-tembung kang lawan ing frase kang pada.[2].
  • Paradoks yaiku lelewaning basa kang ngandhut tentangan kang nyata kanthi fakta kang ana.[2].
  • Klimaks yaiku lelewaning basa kang awujud reng-rengan andharan kang sansaya suwé sansaya ngandhut penekanan.[2].
  • Anti klimaks yaiku lelewaning basa kang dadi acuan kang isiné pamanggih kang diurutaké saka paling wigati nganti kang ora wigati.[2].
  • Paronomasia yaiku lelewaning basa kang isiné panjajaran tembung kang swarané padha nanging tegesé béda.[2]

Leléwaning basa pertautan[besut | besut sumber]

Leléwaning basa perulangan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [Keraf, Gorys. 2009. Diksi dan Gaya Basa. Jakarta: Gramedia Pustaka];(kaca 113) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r [Tarigan, Henry Guntur. 1985. Pengajaran Gaya Basa. Bandung: Angkasa];(kaca 245) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda

Pranala njaba[besut | besut sumber]