Komisaris

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Komisaris ya iku saklompok wong pinilih utawa kang ditunjuk kanggo ngawasi kegiyatan perusahaan utawa organisasi. Ing négara-négara kulon, déwan iki sinebut board of directors[1] utawa board of managers, board of regents, lan board of trustees.

Ing nagara-nagara Éropah lan Asia, lumrahé ana rong déwan, ya iku déwan ekskutif kang nindakaké kegiyatan bisnis saben dinané, lan déwan pengawas[2] kang duwé tugas ngawasi déwan èksekutif. Déwan pengawas, lumrahé dipilih déning panyekel saham utawa panduwé perusahaan.

Ing Indonesia, istilah déwan dirèksi duwé teges kang béda karo board of directors gumantung saka istilah kang digunakaké. Lumrahé, ing Indonesia dewan direksi ya iku déwan èksekutif, déné ing nagara kulon, board of directors ya iku déwan pengawas. Tuladhané, ing OCDBC NISP Bank, déwan pengawas diarani dewan komisaris, déné déwan èksekutif diarani dewan direksi[3]. Nanging, Pertamina nggunakaké istilah board of commissioners (minangka pengawas) lan board of directors (minangka èksekutif)[4]. Kanggo keperluan artikel iki, istilah kang digunakaké ya iku déwan pengawas (lumrahé sinebut dewan komisaris) lan déwan èksekutif (lumrahé sinebut déwan dirèksi) kanggo ngindari kekeliruan jalaran nggunakaké istilah déwan direksi ing Indonesia, bisa ngrujuk marang salah sawijining fungsi saka kaloro déwan mau.

Ing manéka perusahaan ing Amérikah Sarékat kang mung duwé siji déwan, lumrahé tugas lan tanggung jawab kaloro déwan mau didadèkaké siji ing déwan dirèksi, kanthi anggota diréksi jero (ing Indonesia diarani komisaris) lan dirèksi njaba (ing Indonesia diarani komisaris independen) [1]).

Kegiyatan dewan pengawas ditemtokaké déning kekuasaan, tugas-tugas, lan tanggung jawab kang diwènèhaké marang dhèwèké déning sawijining otoritas kang ana ing njabané. Padatan, babagan mau dijlrèntrèhaké ing anggaran dhasar (AD) mau. Anggaran dhasar lumrahé uga nyebutaké cacahing anggota dewan, kepriyé cara dipilihé, lan kapan nganakaké patemonan.

Ing organisasi kang anggotané duwé hak pilih (voting rights), dewan pengawas mèlu cawé-cawé nggunakaké jeneng mau lan manut marang quorum. Quorum padatan milih anggota déwan pengawas. Ing perusahaan binuka, déwan dipilih déning panyekel saham, lan dewan minangka otoritas paling dhuwur sajeroning manajemen perusahaan. Ing sawijining perusahaan tanpa saham, tanpa anggota kang duwé hak pilih, tuladhané ing Amérikah Sarékat, déwan lumrahé minangka kekuasaan paling dhuwur ing institusi mau kang anggotané kadang kala dipilih déning dewan mau uga.

Lumrahé déwan pengawas duwé tugas[5] ing antarané:

  • Mrentah (to govern) organisasi kanthi kawicaksanan-kawicaksanan lan ancas-ancas saka perusahaan mau.
  • Milih, ngangkat, njurung, lan mbiji kinerja déwan èksekutif
  • Mestèkaké cumawisé sumber keuangan
  • Ngesahaké anggaran taunan
  • Tanggung jawab awit kinerja perusahaan marang para anggota panyekel saham
  • Nemtokake gaji lan kompensasiné dhéwé-dhéwé.

Lumrahé déwan milih siji anggotané supaya dadi ketua dewan, kang duwé tugas-tugas kaya kang wis disebutaké ing anggaran dhasar.

Sistem Rong Tingkat[besut | besut sumber]

Ing nagara-nagara Éropah lan Asia, ana rong déwan (board), déwan èksekutif kang nindhakaké kegiyatan saben dinané, lan dewan pengawas (kang dipilih déning para panyekel saham) kang duwé tugas ngawasi dewan èksekutif. Ing nagara-nagara iki, présidhèn direktur (CEO, chief executive utawi managing director) mandhégani dewan èksekutif lan présidhèn komisaris mandhégani dewan pengawas. Rong posisi iki dicekel déning wong loro kang béda. Babagan iki katindakake kanggo mbedakake tugas manajemen déning dewan èksekutif, lan tugas mrentah/ngawasi (governance) déning dewan pengawas. Iki mènèhi panjlentrehan awit garis-garis kewenangan. Ancase kanggo ngindari conflict of interest (italics) kang pusate ana ing sawijining wong. Ana paralelisme kang kuwat banget ing kéné kanthi struktur pamaréntahan kang lumrahé ana ing antarané kabinèt pulitik lan manajemen pelayanan sipil (civil service). Ing Amérikah Sarékat, the board of directors (dipilih déning para penyekel saham) kereo dijejeraka karo dewan pengawas, déné executive board kerep sinebut minangka executive committee (operating committee atau executive council), kapérang saka CEO lan bawahan langsunge (C-level officers liyané utawa division/subsidiary heads).

Komisaris[besut | besut sumber]

Komisaris sawijining organisasi ya iku anggota dewan pengawase. Sapérangan istilah spesifik minangka njlrentrehake ana lan ora anané sesambungan marang organisasi mau.

Komisaris (utawa komisaris jero, inside director) ya iku sawijining komisaris kang uga minangka sawijining pegawé, petugas, panyekel saham utama, utawa sawijining wong kang sesambungan karo organisasi (perusahaan) mau. Komisaris jero makili kepentingan saka para panyekel saham lan kadang kala duwé kawruh ngenani pagawéyané, penguasaan pasar saka organisasi mau.

Komisaris njaba (komisaris independen) ya iku anggota déwan komisaris kang dudu minangka pegawé lan wong kang duwé urusan langsung marang organisasi mau, lan ora makili panyekel saham. Tuladhané sawijining komisaris kang diangkat lagi utawa wis naté njabat posisi sawijining perusahaan saka sektor indhustri kang béda. Komisaris njaba diangkat jalaran pengalamané dianggep duwé aji tumrap organisasi mau. Wong-wong mau bisa ngawasi komisaris jero lan ngawasi kepriyé organisasi mau dilakonaké. Komisaris njaba duwé tugas misahaké sengketa antarané komisaris jero, utawa antarané panyekel saham lan dewan komisaris. Komisaris njaba dianggep duwé aji jalaran bisa obyektif lan duwé resiko cilik ing conflict of interest. Kajaba iku, komisaris njaba bokmanawa anggoné nangani prakara spesifik kang diadepi déning organisasi mau.

Notes[besut | besut sumber]

  1. a b "board of directors". wikipedia. Dibukak ing 2011-11-05.
  2. "Glaxo Smith Kline Board". Glaxo Smith Kline. Dibukak ing 2011-11-05.
  3. "Laporan Dewan Komisaris, Bank OCBC NISP" (PDF). Bank OCBC NISP. Dibukak ing 2011-11-05.
  4. "Dewan Komisaris Pertamina". Pertamina. Diarsip saka sing asli ing 2011-11-04. Dibukak ing 2011-11-05.
  5. "INDONESIAN CODE FOR GOOD CORPORATE GOVERNANCE" (PDF). National Committee on Corporate Governance. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2013-12-28. Dibukak ing 2011-11-05. {{cite web}}: line feed character in |work= at position 22 (pitulung)

Uga delengen[besut | besut sumber]