Kekaisaran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Kekaisaran ya iku kumpulané organisasi pulitik ingkang gadhah wewengkon géografis ingkang wiyar. Dhèwèké mandhégani nagara, kelompok suku utawi ètnik lan bangsa. Punika dipunnyawijikaken lan dipimpin kaliyan kaisar(monarki), utawi kanthi satunggal sistem pamaréntahan oligarki. Umpami ditiliki saking babagan géopulitik, tembung kekaisaran gadhah teges ingkang bèntèn, wiwit saka nagara teritorial ekstrim ing bagéyang sing paling kuat, nganti nagara sing dumadi saka gabungan kuthané nagara sing paling ringkih.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Tetembungan Kemaharajan dimangertèni kawiwitan ing sajarah lan basa Indonésia ya iku saka prabawané India purba, nganggo sarana basa Sanskerta; Maharaja, ya iku "Raja sing sakdhuwuré Raja"; pramila tetembungan Kemaharajan ngrujuk marang Kerajan agung ingkang gadhah dedeg sing luwih dhuwur saka kerajan akèh liyané. Kemaharajan raya kaya ta Sriwijaya lan Majapahit diweruhi ing babagan sajarah Indonésia.

Tetembungan liya sing asalé saka prabawa Éropah, ya iku Imperium ingkang kasil saka basa latin duwé teges "kakuwatan" utawa "kewenangan". Tetembungan liayné Kekaisaran kang asle saka jeneng Caesar, panguasa Kekaisaran Romawi.

Secara etimologi, penggunaan istilah "imperium" menunjukkan suatu nagara-bangsa terpusat yang kuat, akan tetapi dalam penggunaan yang lebih longgar juga merujuk pada perusahaan transnasional skala besar.

Struktur pulitik kemaharajan diyasa nganggé rong tata cara: (i) dumadi kemaharajan tèritorial mawi cara nguwasani langsung nganggo kakuwatan (polahé badan langsung kanggé netepi ambisiné kaisar), lan (ii) dumadi kemaharajan hegemonik gadhah watak koersif, nguwasani ora langsung mawi aturan kekuasaan (panyeruhan manawi kaisar saged meksa keéenginané). Konsep kapisan mènèhi kekuasaan kang luwih gedhé lan kontrol pulitik langsung, ananging mbatesi pengembangan sabanjuré amargi nyedhot kakuwatan militèr ing salah sawijining garnisun. Konsep kapindho, ya iku maringi kekuasaan sing luwih cilik dan kendali ora langsung, ananging mènèhi kalonggaran kakuwatan militèr supaya nglakokaké ekspansi saterusé. Kemaharajan teritorial (contoh: Kekaisaran Mongol, dan Kekaisaran Pèrsi) duwé ciri kawasan sing saya ngamba. Tetembungan kemaharajan uga ngrujuk kanggo kemaharajan maritim utawa thalasokrasi, (tuladha: Liga Délos lan Imperium Britania) mawi struktur ingkang luwih longgar lan wewengkone sing wis kasebar.

Kapustakan[besut | besut sumber]