Kedhuk bèji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kedhuk Bèji

Kedhuk bèji ya iku salah sawijining upacara ing Désa Tawun, Kacamatan Padas, Kabupatèn Ngawi. Ing Désa Tawun iku ana sendhang sing jenengé padha karo jeneng désané. Watara setahun pisan ing dina Selasa Kliwon dianakaké upacara ritual ing sendhang Tawun iku. Tradhisi sing wis turun tumurun iku dianakaké saben bubar panèn. Upacara ritual iku karan Kedhuk Bèji, ya iku upacara ngresiki sendhang saka regedan sing wis setahun ana ing sendhang iku. Sing dikarepaké saka upacara Kedhuk Bèji iku ya iku ngedhuk utawa ngresiki sumber saka regedan. Wosé ritual Kedhuk Bèji iki ana ing nyilep utawa nyimpen kendhi ana ing punjeré sumber sendhang mau. Pusat sumber mau dumunung ing njero guwa sing ana ing sendhang. Saben taun kendhi sing ana ing njero gua mau disalini sarana upacara iki.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Mesthiné ana sajarahé kena ngapa kok dianakaké upacara Kedhuk Bèji iki. Ing salah sawijining riwayat diceritakaké ana ing abad kaping 15 ana wong sing arané Ki Ageng Tawun sing nemu sendhang, banjur sendhang mau dijenengi sendhang Tawun. Ki Ageng Tawun sakulawargané manggon ing cedhaking sendhang mau. Ki Ageng Tawun duwé anak loro, sing mbarep jenengé Radèn Lodrojoyo, lan sing ragil jenengé Radèn Hascaryo. Radèn Lodrojoyo lan Radèn Hascaryo duwé kasenengan sing béda. Radèn Lodrojoyo luwih seneng tani déné Radèn Hascaryo luwih seneng sinau ngèlmu kanuragan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]