Kaseimbangan kemampuan blanja

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa

Kaseimbangan kemampuan blanja, kadhangkala uga disebut paritas daya beli (basa Inggris: purchasing power parity - PPP) jroning èlmu ékonomi iku metodhe sing dipigunakaké kanggo ngitung alternatif nilai tukar antar mata uang saka rong nagara. PPP ngukur sepira akèhé sawiji mata uang bisa tuku jroning pangukuran internasional (biasané dolar), amarga barang lan jasa nduwèni rega sing béda ing manéka nagara.

Nilai tukar PPP dipigunakaké jroning perbandingan internasional tumrap standar urip. PDB sawijining nagara wiwitané diitung jroning mata uang lokal, dadi perbandingan antara rong nagara mbutuhaké konvèrsi mata uang. Perbandingan migunakaké nilai tukar nyata dianggep ora nyata, amarga ora nuduhaké prabédan rega antar nagara. Prabédan antara PPP lan nilai tukar nyata bisa béda akèh. Upamané, PDB per kapita ing RRC watara AS$1.400, déné miturut PPP ya iku watara AS$6.200. Déné PDB nominal per kapitané ya iku watara AS$37.600, ananging PPP-né mung AS$31.400.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]