Istilah gerakan anatomi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados

Anané persendhian bisa mujudaké gerakan sing werna-werna. Manéka gerak nganggo persendian dikontrol déning kontraksi otot.

Pronasi lan Supinasi
Arm flex pronate.jpg Arm flex supinate.jpg
Lengen sing nglakoni gerakan fleksi lan pronasi. Otot biceps brachii ora kontraksi penuh. Lengen sing nglakoni gerakan fleksi lan supinasi. Otot biceps brachii kontraksi penuh.

Fleksi lan ekstensi[sunting | besut sumber]

Fleksi iku gerak nekuk utawa mbélokaké. Ekstensi iku gerakan kanggo meluruskan. Contoh: gerakan ayunan lutut ing kegiatan gerak jalan. Gerakan ayunan ke depan minangka (ante)fleksi lan ayunan ke belakang disebut (retro)fleksi/ekstensi. Ayunan ke belakang lebih lanjut disebut hiperekstensi.

Adduksi lan abduksi[sunting | besut sumber]

Adduksi iku gerakan nyedhaki awak. Abduksi iku gerakan ngadohi awak. Conto: gerakan mbukak tungkai sikil ing posisi istirahat ing enggon minangka gerakan abduksi (ngadohi awak). Yèn sikil digerakaké manèh menyang posisi siap minangka gerakan adduksi (nyedhaki awak).

Elevasi lan depresi[sunting | besut sumber]

Elevasi minangka gerakan ngangkat, depresi iku gerakan mudhunaké. Contoné: Gerakan mbukak cangkem (elevasi) lan nutup (depresi) uga gerakan pundhak mendhuwur (elevasi) lan mengisor (depresi)

Inversi lan eversi[sunting | besut sumber]

Inversi iku gerak miringaké tlapak sikil arah menjero. Eversi iku gerakan miringaké tlapak sikil menjaba. Uga perlu diweruhi, istilah inversi lan eversi mung kanggo wewengkon ing ugel-ugel sikil.

Supinasi lan pronasi[sunting | besut sumber]

Supinasi iku gerakan mlumahaké tangan. Pronasi iku gerakan nengkurepaké. Uga perlu diweruhi istilah supinasi lan pronasi mung kanggo wewengkon ugel-ugel tangan waé

Endorotasi lan eksorotasi[sunting | besut sumber]

Endorotasi iku gerakan menjero ing saubengé sumbu dawa balung sing mawa sendhi (rotasi). Déné eksorotasi iku gerakan rotasi menjaba.

Deleng uga[sunting | besut sumber]