Istilah lokasi anatomi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Anatomi duwé perbendaharaan tembung internasional. Istilah anatomis duwé makna sing trep lan dipigunakaké sajeroning kedhokteran lan biologi. Saliyané istilah anatomis, racaké dipigunakaké uga istilah sadina-dina utawa istilah liyané kaya balung belikat (scapula) lan circulus Willis (Circulus arteriosus cerebri).

Posisi anatomi[besut | besut sumber]

Gambaran posisi anatomi manungsa

Kabèh deskripsi anatomis disesuaina standar posisi anatomi. Bab iki supaya ora ana kesalahpahaman makna.

Syarat posisi anatomi:

  • Ngadeg tegak, kanthi sirah, kaloro mata, lan driji sikil madhep mangarep.
  • Kaloro tangan ing sisih awak kanthi tlapak tangan kabukak mangarep.
  • Kaloro sikil rapat lan ngadhep mangarep depan.

Babagan anatomi[besut | besut sumber]

Babagan anatomi iku babagan sing ngliwati awak sajeroning posisi anatomi:

  • Babagan median: babagan sing mérang awak dadi rong pérangan sing padha, tengen lan kiwa.
  • Babagan sagital: babagan sing mbagi awak dadi rong péranganing titik tinentu (ora mbagi persis rong pérangan). Babagan iki sejajar karo babagan median.
  • Babagan horizontal: babagan sing malang ngliwati awak (babagan X-Y). Babagan iki mbagi awak dadi pérangan ndhuwur (superior) lan ngisor (inferior).
  • Babagan koronal: babagan vertikal sing ngliwati awak, dunungé tegak lurus marang babagan median utawa sagital.mbagi awak dadi pérangan ngarep (frontal) lan mburi (dorsal).

Istilah kanggo perbandhingan[besut | besut sumber]

Arah lan babagan anatomi kanguru
  • Superior(=ndhuwur) utawa kranial: luwih cedhak marang endhas.

Conto: Cangkem dumunung superior tinimbang janggut.

  • Inferior(=ngisor) utawa kaudal: luwih cedhak saka sikil.

Conto: Puser dunungé inferior tinimbang payudara.

  • Anterior(=ngarep): luwih cedhak mangarep.

Conto: Lambung dunungé anterior tinimbang limpa.

  • Posterior(=mburi): luwih cedhak memburi.

Conto: Jatung dunungé posterior tinimbang balung iga.

  • Superfisial: luwih cedhak menyang/ing lumah.

Conto: Otot sikil dunungé superfisial saka balungé.

  • Profunda: luwih adoh saka lumah.

Conto: Balung hasta lan pengumpil dunungé luwih profunda tinimbang otot lengen ngisor.

  • Medial(=njero)): luwih cedhak menyang babagan median.

Conto: Driji manis dunungé medial tinimbang driji jempol.

  • Lateral(=njaba): ngadohi babagan median.

Conto: Kuping dunungé lateral tinimbang mata.

  • Proksimal(=ndhuwur): luwih cedhak karo awak utawa pangkal.

Conto: Siku dunungé proksimal tinimbang tlapak tangan.

  • Distal(=ngisor): luwih jauh dari awak utawa pangkal.

Conto: Ugel-ugel tangan dunungé distal tinimbang sikut.

Gerakan anatomi[besut | besut sumber]