Hendri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hendri (lair ing Kereng Bangkirai, Palangkaraya, Kalimantan Tengah tanggal 10 Oktober 1982) ya iku sawijining wong kang wis 15 taun pungkasan ngrumat alas.[1] Awale hendri makarya dadi pengawas antarane proyek jembatan Palangkaraya. Suwido Hester Limin (almarhum) sing ngajak makarya nang alas bebarengan karo deweke. Suwido ya iku dosen nang Universitas Palangka Raya (UPR), pengemat Lingkungan, tokoh Dayak, lan penggagas Laboratorium Alam Hutan Gambut (LAHG) nang Sebangau, Palangkaraya, Kalteng. wong iki sing memotivasi Hendri kanggo kerja mengabdikan hutan gambut kang asri.

Kagiatan[besut | besut sumber]

Taun 2003, Hendri mulai aktif kerja nang LAHG sing di kelola Center for International Cooperation itn Suitsainable Management of Tropical Pealand (CIMTROP)-UPR. Tugas awale namung memantau lan nyirep geni.

LAHG minangka kawasan konservasi kanggo penelitian utawa asrih kasebut hutan pendidikan. Ambane nganti 50.000 hektar luwih. kebakaran sing paling dirasake dheweke ya iku ing taun 2006 lan 2015 dheweke pernah nyirep geni ning njero alas sing jarake sekitar 3 kilometer sak pinggire alas. Amarga ora ana sumber banyu. dheweke lan kancane kang cacahe 9 terpaksa nggali tanah nganggo tangan lan parang kanggo ngasilake banyu. nang kedalaman 2,5 meter dheweke nembe olih banyu gawe nyirep geni. penggalian iku dilakokake wiwit jam 15.00 nganti 23.00. esih kelingan nalika genine saya gedhe dheweke nggerakake kabèh pemuda sing nang Kereng Bangkirai kanggo mbantu nyirep geni. Hendri ora mung ngawasi kebakaran sing luwih abot yaiku dadi pemantau lan pencegah pembalakan liar, dheweke ngitung lan nyatet kayu sing metu sing alas banjur ngelaporake marang pihak kang berwajib. Sayange kadang pelaku pembalakan liar kadang di tindak kadang ora. Kawasan LAHG nalika jaman semana yaiku tempat Hak Penguasaan Hutan (HPH) nang kana ana perusahaan kayu sing ngelola kawasan iki wis sekitar 31 taun kepungkur. Sakwise perusahaan tutup, alase dadi gundul lan dadi sasaran sering ana pembalakan liar. Hendri ngerahake bocah enom lan warga kampung kanggo ngelawan pembalakan liar lan nyegah kebakaran alas. Total ana 18 kanal sing digawé kanggo ndistribusikake kayu sing metu saka alas. Kanal-kanal kuwi juga dadi penyebab utama garinge lahan gambut. Ciri khas hutan gambut yaiku tanah sing akeh banyune. Banjur yen di gawe kanal banyu dadi gampang metu lan alirane kaya got gedhe. Lahan gambut sing kering mau dadi gampang kebakar. Sanalika amung nganggo pletikan geni.

Hendri nglakokake tindakan represif kanggo nyegah pembalakan nganggo cara nugeli kayu  sing ana nang hilir-hilir kanal. Kayune di tugeli saengga ora isa di dol lan ora ana nilaine Sanalika amung nganggo pletikan geni. Hendri nglakokake tindakan represif kanggo nyegah pembalakan nganggo cara nugeli kayu  sing ana nang hilir-hilir kanal. Kayune di tugeli saengga ora isa di dol lan ora ana nilaine. Ben pembalak kasebut dadi kapok. Pembalak kasebut akehe saka luar daerah bahkan luar pulau.Keuletan lan minat belajare Hendri sing duwur nggawe Hendri di rekrut Borneo Nature Foundation (BNF). Mulai saka staf biasa nang bagian pembibitan, asisten koordinator, tekan dadi senior koordinator kabèh bidang sampe saat iki. Nalika kunjungan menyang LAHG, kompas di wenehi kesempatan kanggo ndeleng kondisi hutan. Nalika kuwi, Communication Development Manager BNF Suzzanne Turnock, ngandarake kabèh pertanyaan sing kalebu bab alas bisa di takokake nang Hendri.Dheweke paham bab perkara alas kuwi amarga dheweke dadi salah siji sing pertama mbuka dalan-dalan nang alas kasebut. Banjur, peneliti sing teka nang alas gampang kanggo lumebu metu alas tanpa kuatir kesasar. Sedawane dalan ning alas dheweke uga mandeg ngaweh penjelesan tentang wit-witan lan kewan sing di temoni.

Laboratorium Alam Hutan Gambut[besut | besut sumber]

Nang LAHG ana 220 jenis wit-witan, 201 spesies manuk, 40 spesies reptil, 65 spesies iwak, lan 67 spesies mamalia kalebu orangutan, bekantan, lan sapanunggalane. Dheweke bisa ngapalna kabèh aran lokal saka flora lan fauna sing urip nang LAHG, ora kabèh apal aran latine. Nembe lumaku 20 menit perjalanan, Hendri nemokake tuwuhan kantong semar sing aran latine Nepenthes rafflesiana, ora adoh saka kantong semar ana sawijining tuwuhan unik, masyarakat biasa nyebut tuwuhan kayu sutra. Tuwuhan iku kalebu jenis tuwuhan sing unik merga yen digosok nganggo tangan godhonge ora suwek. Nanging yen sengaja di suwek godhonge katon serat-serat alus sing ana nang pinggir godhonge. Tuwuhan kuwi di percaya bisa kanggo obat keputihan kanggo wong wadon masyarakat dayak.

Saliyane sutra, Hendri juga nunjukake akar kang menjalar saka wit gedhe. Wong awam nganggep akar kuwi kaya gulma. Hendri njelasake akar iku bisa di rebus lan diminum banyu rebusane kanggo obat kuat kanggo wong lanang.

Miturut Hendri, alas ngaweh kauripan. Mengakana dheweke sedih yen alase di bakar utawa kena kebakaran. Dheweke bungah yen ndeleng alase ijo, rindang, lan asri.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. kompas.id (2018-07-09). "Hendri Mengabdi untuk Hutan Sebangau". Kompas.Id (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2019-04-24. Dibukak ing 2019-04-24.