Emilio Aguinaldo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Emilio Aguinaldo
Emilio Aguinaldo ca. 1919 (Restored).jpg
Potrèt Aguinaldo, u. 1919
Présidhèn Pilipina Kapisan
Présidhèn ing Républik Kapisan
Présidhèn ing Pamaréntah Agung
Présidhèn ing Républik Biak-na-Bato
Dhiktator ing Pamaréntah Dhiktator
Présidhèn ing Pamaréntah Révolusionèr
Lungguh
23 Januari 1899[lower-alpha 1] – 23 Maret 1901[lower-alpha 2]
Wasir
  • Apolinario Mabini
  • (21 Jan – 7 Mèi 1899)
  • Pedro Paterno
  • (7 Mèi – 13 Nopèmber 1899)
Wakil Présidhèn Mariano Trias (1897)
Kagantèni Wurung,
Resminé Manuel Quezon, Présidhèn Pasaraharjan Pilipina
Rerincèn priangga
Lair (1869-03-22)22 Maret 1869
Kawit, Cavité, Pakaptènan Umum ing Pilipina
Pati 6 Fèbruari 1964(1964-02-06) (umur 94)
Kutha Quezon, Pilipina
Pakuburan Sanggar Aguinaldo, Kawit, Cavité
Parté pulitik Katipunan
Parté Sosialis Nasional
Sisihan
  • Hilaria del Rosario (1896–1921)
  • María Agoncillo (1930–1963)
Anak
  • Carmen Aguinaldo Melencio
  • Emilio Aguinaldo, Jr
  • Maria Aguinaldo Poblete
  • Cristina Aguinaldo Suntay
  • Miguel Aguinaldo
Almamater Colegio de San Juan de Letran
Propési Juru pulitik
Mantri militèr
Agama Gréja Mardika Pilipina
sadurungé Katulik Rum
Pangaji PHL Legion of Honor - Chief Commander BAR.png
Lésiyun Palakrama ing Pilipina
PHL Quezon Service Cross BAR.png
Salib Jasa Quézon
Jasa militèr
Jejuluk "Kapitan Miong"
"Heneral Miong"
Kasetyan  Républik Pilipina Kapisan
Flag of the Tagalog people.svg Républik Biak-na-Bato
Philippine revolution flag kkk1.svg Katipunan (Magdalo)
Cawang Philippine Army Seal 1897.jpg Wadya Révolusionèr Pilipina
Taun leladi 1894–1901
Pangkat Mantri/Marsekal Lapangan / Generalissimo
Perang Révolusi Pilipina
Perang Sepanyol-Amérika
Perang Pilipina-Amérika

Emilio Aguinaldo y Famy (22 Maret 1869 - 6 Pèbruari 1964) iku mantri militèr, juru pulitik, lan mantri révolusi Pilipina sing dikepyakaké dadi Présidhèn Pilipina Kapisan (1899–1901) lan dadi présidhèn ing républik konstitusional kapisan ing bawana Asiah. Dhèwèké pandhégané wadya Pilipina sing nglawan Sepanyol kala Révolusi Pilipina (1896–1897) lan kala Perang Sepanyol-Amérika (1898), sarta sing nglawan Amérika Sarékat kala Perang Pilipina-Amérika (1899–1901). Emilio dicekel wadya Amérika ing Palanan, Isabéla tanggal 23 Maret 1901 sing sakala mungkasi kalungguhan prèsidhèné.

Taun 1935, Emilio kalah saka Manuel Quezon nalika maju présidhèn Pasaraharjan Pilipina. Sawisé Jepang nginvasi Pilipina taun 1941, dhèwèké tembayan karo lelurah anyar lan malah gawé seruan sarana radhio murih wadya Amérika lan Pilipina nyerah ing Bataan. Nalika wadya Amérika teka manèh, dhèwèké dicekel jalaran dadi juru gèdhèg anthuk, nanging banjur kamardika awit amnèsti umum.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ 23 Januar 1899 iku tanggal Aguinaldo jumeneng Présidhèn ing Républik Pilipina Kapisan adhedhasar Undhang-undhang Malolos. Sadurungé, dhèwèké lungguh Présidhèn ing Pamaréntah Révolusionèr kawit 22 Maret 1897 nganti 1 Nopèmber 1897, Présidhèn ing Républik Biak-na-Bato kawit 2 Nopèmber 1897 nganti 15 Dhésèmber 1897, Pangarep ing Pamaréntah Dhiktator kawit 24 Mèi 1898 nganti 22 Juni 1898, lan Présidhèn ing Pamaréntah Révolusi liyané kawit 23 Juni 1898 nganti 22 Januari 1897.[1]
  2. ^ 23 March 1901 iku tanggal Aguinaldo dirangkad wadya Switserlan.[2]

Tegesing tembung-tembung[besut | besut sumber]

Cara Jawa Cara Indonésia Cara Inggris
mantri militèr kepala militer military leader
juru pulitik politikus politician
dikepyakaké diresmikan officially recognized
bawana benua continent
Asiah Asia Asia
pandhéga pemimpin leader
wadya tentara forces, army
sakala seketika immediately
kalungguhan jabatan position
Pasaraharjan Persemakmuran Commonwealth
tembayan bekerja sama cooperate
lelurah kepala pemerintahan ruler
juru gèdhèg anthuk kolaborator collaborator
dirangkad diculik abducted
Switserlan Swiss Switzerland, Swiss
lésyiun legiun legion
palakrama kehormatan honour

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ "Emilio Aguinaldo". Presidential Museum and Library. 
  2. ^ "First Philippine President Emilio F. Aguinaldo 46th Death Anniversary". Manila Bulletin Publishing Corporation. February 5, 2011.