Perang Pilipina-Amérika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Perang Filipina-Amérika iku konflik militèr antarané Républik Filipina Pisanan lan Amérika Sarékat kang dumadi antara taun 1899 nganti paling ora taun 1902. Perang iki dumadi amarga perjuwangan pulitik Filipina kang nentang pendhudhukan AS marang Filipina.

Sanajan konflik iki diumumaké rampung taun 1902, wadybala kolonial Amérika tetep nerusaké memungsuhan marang sisa-sisa Angkatan Bersenjata Filipina lan golongan panentang liyané nganti taun 1913, lan sapérangan sajarawan nganggep perpanjangan iki minangka péranganing perang.

Latar wuri[besut | besut sumber]

Révolusi Filipina[besut | besut sumber]

Foto pambrontak Filipina kang dikawruhi minangka Katipuneros.

Nalika tanggal 7 Juli 1892, Andrés Bonifacio, sawijining panjaga gudhang lan juru cata saka Manila, madegaké Katipunan, sawijining organisasi wewadi kang duwé tujuan kanggo ngranggèh kamardikan saka kolonial Spanyol kanthi cara révolusi bersenjata. Katipunan nyebar nuju akèh provinsi, lan Révolusi Filipina taun 1896 dibawahi para anggotané.

Sanajan Bonifacio sawijining wong kang duwé karisma lan bisa njupuk kaputusan, nanging panjenengané dikalahaké Spanyol sajeroning perang kang panjenengané pimpin, kalebu perang gedhé pisanan ing San Juan del Monte, Manila (saiki Pinaglabanan).

Pejuwang ing provinsi Cavite éntuk kamenangan awal. Salah siji pemimpin kang duwé prabawa lan populèr ya iku Emilio Aguinaldo, kang nguwasani sapérangan gedhé wétan Cavite. Pungkasané, Aguinaldo lan faksiné éntuk kuwasa sajeroning Katipunan. Katipunan akiré dikuwasani déning pamarétahan kang révolusioner, ing endi Aguinaldo dipilih dadi présidhèn, lan Bonifacio dièksekusi amarga pengkhianatan.

Konflik antarané Bonifacio lan Aguinaldo dadi perkara kang kontrovèrsial kanggo para sajarawan Filipina. Nick Joaquin duwé pendhapat yèn Révolusi 1896 kang dibawahi Cavitenos dibédakaké saka pambrontakan Bonifacio kang wurung ing Manila. Sajarawan liyané kaya déné Teodoro Agoncillo lan Milagros C. Guerrero nyathet yèn Bonifacio ngatur Katipunan dadi sawijining pamaréntahan kanthi panjenengané dhéwé minangka présidhèn. Pamarétahané diarani Republika ng Katagalugan.

Pranala njaba[besut | besut sumber]