Menyang kontèn

Doraweca

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Durung rampung Prabu Kresna anggoné ngudarasa, katungka rawuhe Prabu Baladewa sarta ndangu kaanan ing Madukara. Déné Prabu Kresna tanpa tedheng aling-aling matur yèn wektu iki Arjuna lunga saka kasaktriyan, malah saiki Madukara kalebon duratmaka pandhita sekti aran Begawan Doraweca, sarta Srikandhi katundhung saka kasaktriyan.Krungu ngendikane Prabu Kresna, dukane Prabu Baladewa makantar-kantar ora lali sesumbar. Mula kanggo njaga kasatriyan Madukara, prabu sakloron banjur mbudalake wadya balane saka Dwarawati lan Madukara.Kesatriyan Madukara dikupengi, amrih sang Begawan ora oncat. Kepara Prabu Baladewa ketaman ing pusaka dadi wit ringin putih. Semana uga Setyaki kena dayane pusaka dadi simbar. Déné Prabu Kresna dadi pandan wangi.Wara Srikandhi wis tumeka ing tengahing wana. Wara Srikandhi lan Abimanyu uga nemoni bebaya. Saklorone padha ewut ngalahake para yeksa sing ganggu gawé. Tinumpes para yeksa, Wara Srikandhi banjur lèrèn ing padhepokan ing saceraking papan kana. Ora nyana Begawan sing nemoni ora liya kang garwa Arjuna. Wara Srikandhi banjur ngaturake babagan duratmaka ing Madukara. Tanpa sranta, Arjuna banjur dhawuh ndherekake kondur menyang Madukara. Kedaden bandayuda klawan Begawan Doraweca lan duratmaka liyané. Sawisé Arjuna namakake pusaka pasopati, para begawan lan duratmaka sing memba dadi Srikandhi padha malih bali asalé,ya iku para bathara saka khayangan. Semana uga Prabu Baladewa, Setyaki, lan Prabu Kresna badhar saka pusakane Doraweca. Para bathara sawisé paring dhawuh, banjur makhayangan.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]

Hardjowirogo.1989.Sajarah Wayang Purwa. Jakarta: Balai Pustaka