Kakawin Bhomântaka
Kakawin Bhomântaka utawi ugi sinebat Kakawin Bhomakāwya punika satunggiling kakawin mawi basa Jawi Kina. Kakawin punika salah satunggiling ingkang panjang piyambak ing Sastra Jawi Kina, panjangipun wonten 1.492 pada. Kakawin Bhomântaka punika ingkang dipuncariyosaken perangipun prabu Kresna kaliyan sang Bhoma. Isinipun ugi kathah mawi piwulang agami Hindhu-Buda.
Isi[1]
[besut | besut sumber]Prabu Kresna karawuhan resi Narada, mundhut tulung supados nyirnakaken danawa, balanipun prabu Bhoma, ingkang sami ngepang kahyangan. Sang Samba, putra prabu Kresna, ingkang kadhawuhan tindak kaliyan bala sawatawis. Dumugi ing sukuning redi Himâlaya, perang lan para danawa pejah sadaya.
Wonten satunggiling patapan sampun suwung saha risak. Sang Samba andangu gotèkipun kala rumiyin, kados pundi. Ingkang dipundangu nama Puthut Gunadéwa, jejanggan siswanipun bagawan Wiswamitra. Sang Gunadewa matur bilih punika tilas patapanipun sang Dharmadéwa, putranipun bathara Wisnu.
Sasédanipun sang Dharmadéwa, garwanipun nama sang Yajñawati andumugekaken tapa wonten ing ngriku, nanging boten dangu lajeng séda-obong. Nyut, sang Samba kèngetan bilih sang Dharmadéwa punika kala rumiyin sang Samba piyambak, lajeng kraos kangen dhateng ing sang Yajñawati, garwanipun kala rumiyin. Salebetipun sang Samba ngengleng, sang widadari Tilottama dhateng, nyariyosaken yèn sang Yajñawati sampun nitis dados putrining ratu ing Utaranagara, lestantun nama sang Yajñawati. Nanging ingkang rama-ibu sampun séda, awit kejegan déning ratu danawa, nama sang Bhoma. Ing samangké sang putri wau dipun-opèni déning sang Bhoma.
Sang Samba lajeng dipun-irid déning sang Tilottama dhateng panggènanipun sang Yajñawati kaliyan dhedhemitan. Sang Samba pepanggihan kaliyan sang putri wonten ing kadhaton. Sareng konangan, perang malih, danawa kaplajeng; nanging salebetipun ureg-uregan, sang Bhoma dhateng, sang Yajñawati lajeng kabekta dhateng kratonipun ingkang satunggal, nama Prajotisa.
Sang Samba wangsul dhateng kadhaton kècalan sang Yajñawati, lajeng ngengleng malih. Boten dangu sang Narada rawuh, sang Samba dipun-prayogèkaken kondur dhateng Dwarawati, amargi ing panggènan ngriku nyumelangi.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Pethikan saking Poerbatjaraka, Kapustakan Djawi, (1952:22-24)