Beksan Rantak Kudo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Jogèd Rantak Kudo, Jogèd saking Kabupatèn Kerinci, Jambi

Beksan Rantak Kudo inggih punika jogèd kesenian khas budaya asli masarakat Kerinci ingkang asalipun saking tlatah Hamparan Rawang Kabupatèn Kerinci, Jambi ingkang kathah dipunremeni kalangan masayakat ing Kabupatèn Kerinci.[1]

Latar belakang[besut | besut sumber]

Jogèd Rantak Kudo

Jogèd punika dipunkenal minangka "Rentak Kudo" amargi obahanipun ingkang njejak-njejak sami kaliyan turangga. Jogèd punika dipuntarikaken ing salebeting pahargyan ingkang dipunraos sakral sanget déning masarakat Kerinci. Inggilipun penghormatan tumrap pahargyan seni lan budaya Kerinci punika nalika jaman rumiyin kiyat sanget saéngga dipunpitadosi bilih saben wonten ing pementasan seni budaya punika getaran lan hentakan jogèd Rantak Kudo saged kraos dumugi jarak ingkang lumayan tebih saking lokasai utawi papan pementasan. Jogèd punika dipunpersembahaken saperlu ngrayakaken kasil panen tetanen ing tlatah Kerinci ingkang limrahipun inggih punika beras utawi pari lan dipunlangsungaken pinten-pinten dinten tanpa mandheg. Kadang kala manawi dipunlandha mangsa katiga ingkang dangu, masarakat Kerinci ugi badhé mentasaken kesenian punika saperlu dedongan dhumateng Gusti ingkang Maha kuwasa (miturut kepercayaan mereka piyambak-piyambak). Ancasipun saking pementasan jogèd punika limrahipun inggih punika kanggé nglestantunaken tetanen lan kemakmuran masarakat, kanggé nedahaken raos syukur masarakat Kerinci nalika ing mangsa subur punapa déné nalika ing mangsa katiga saperlu nyenyuwun berkah jawah.[2]

Asal-usul[besut | besut sumber]

Ewadene sampun kathah seratan ingkang nyerat babagan asal-usul saking Jogèd Rantak Kudo, dèrèng kapanggihaken sumber ingkang saestu ngandharaken asal-usul seni budaya punika ing Kerinci. Bab punika dipunprakirakaken amargi sajarah Jogèd Rantak Kudo punika sampun wonten wiwit dangu sanget ing tlatah Kabupatèn Kerinci. Miturut seniman-seniman senior (sepuh), kesenian punika dipunsinauni lan dipunadani sadèrèngipun piyambakipun mijil nanging asal-usulipun dados kabur kanthi lumampahing wekdal lan kirangipun perhatian saking sejarawan setempat.[3]

Kawontenan seni jogèd Kerinci punika terus dipunjagi kanthi turun-temurun déning seniman budaya Kerinci lokal saking génerasi dhumateng génerasi salajengipun, déné kawontenanipun sakedhik sanget nalika sapunika lan ugi wiwit ical, seni budaya punika identik sanget kaliyan basa lan gaya basa masarakat kerinci daerah Tanjung ing nyekaraken nyayian (pengasuh) saperlu ngiringi kesenian lan jogèd. Daerah Tanjung dumunung ing hilir menyusuri sepanjang pinggiran kali ingkang ngalir tumuju Danau Kerinci. Bab punika katingal saking lirik lan pantun sarta basa Kerinci Hilir ingkang dipun-ginakaken anggènipun nyekaraken lagu ingkang ngiringi obahan jogèd (pengasuh).[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]