Barak Konsèntrasi Auschwitz

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gapura Auschwitz I. Plang kuwi wacané Arbeit Macht Frei, sing maknané Work will set you free.[1]
Sekèthèng Auschwitz II, barak maot Auschwitz
Sawijining potrèking anak-anak Yahudi Hongari lan ibu-ibu nalika mlaku tumuju ruangan gasing Auschwitz II (1944).

Auschwitz (pronounced "OW-sh-vitz"[2]) ya iku sakumpulan barak konsèntrasi sing dilakokaké dening Jerman Nazi nalika Perang Donya II. Ana barak gedhé cacah telu ing Auschwitz, lan ana 48 barak sing luwih cilik (dijenengi subbarak). Barak utama ya iku Auschwitz I, sing ngamot parèsan saka 1940-1945. Barak Auschwitz II (Birkenau) minangka barak pambéngkasan paling gedhé (barak maot) sing dilakokaké karo Jerman Nazi nalika prastawa Holocaust. Déné Auschwitz III (Monovitz) lan subbaraké minangka barak kanggoné kuli peksan sing dikon mbudhak.

Barak Auschwitz dumunung ing sawijining kutha ing Polen ajeneng Oświęcim. ("Auschwitz" iku satemené istilah Jerman kanggo "Oświęcim.") Ing Jerman, Auschwitz diarani Konzentrationslager Auschwitz (KZ Auschwitz), utawa Vernichtungslager Auschwitz (VL Auschwitz), sing artiné "barak konsèntrasi Auschwitz."

Para Schutzstaffel (SS), sing dipimpin dening Heinrich Himmler, minangka sing nglakokaké barak-barak maot lan barak-barak konsèntrasi kasebut ing Jerman Nazi.[3]

Ora ana sing tau ngerti cacahé wong-wong sing dikirim menyang Auschwitz, utawa akèhé wong-wong sing tinggal donya ing kana. Nanging, para ahli sujarah metara yèn ing antarané 1940 lan 1945, para Nazi ngirimaké udakara 1,3 yuta wong-wong marang Auschwitz.[4] Kurang luwih 1,1 yuta saka wong-wong iki tinggal donya utawa winunuh ana ing Auschwitz.[4]

Latar wuri[besut | besut sumber]

Barak pambéngkasan béda karo barak konsèntrasi. Kawitan ing taun1940, para Nazi ngedegaké barak-barak konsèntrasi cacahé udakara 150 lan akèh subbarak liyané. Nanging, amung ana enem barak pambéngkasan ing Jerman Nazi lan sakabèhé dumunung ana ing Éropah Wétan.[5]

Ing barak pambéngkasan, mèh kabèh uwong sing ana kana winunuh nalika uwong-uwong kuwi teka ana barak. Para Nazi matèni wong-wong cacah akèh, udakara 3,0-3,5 yuta ing barak-barak maot iki,[6][7] sing 90 persèné wong Yahudi.[8]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Shuter, Jane (1999). Auschwitz (Visiting the Past). Heinemann. k. 4. ISBN 0431027811. 
  2. ^ "Glossary". A Teacher’s Guide to the Holocaust. College of Education, University of South Florida. Dijupuk February 17, 2016. 
  3. ^ McNab, Chris (2009). The SS: 1923–1945. London: Amber Books. k. 18. ISBN 978-1-906626-49-5. 
  4. ^ a b "Auschwitz". Holocaust Encyclopedia. United States Holocaust Memorial Museum. January 29, 2016. Dijupuk February 17, 2016. 
  5. ^ ""Final Solution": Overview". Holocaust Encyclopedia. United States Memorial Holocaust Museum. January 29, 2016. Dijupuk February 17, 2016. 
  6. ^ Piper, Franciszek; review of Meyer, Fritjof.
  7. ^ Please note that the numbers given vary widely; Fritjof Meyer says that about 55.000 people were slaughtered, about 365.000 of them in the gas chamber."Die Kontroverse um Fritjof Meyers Artikel in "Osteuropa" (mostly German)". 
  8. ^ Piper, Franciszek (1994b). "The Number of Victims". In Gutman, Yisrael; Berenbaum, Michael. Anatomy of the Auschwitz Death Camp. Bloomington, Indiana: Indiana University Press. kk. 61–76. ISBN 0-253-32684-2.