Badan Arbitrase Pasar Modal Indonesia
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Badan Arbitrase Pasar Modal Indonésia utawi ingkang asring dipuncekak BAPMI utawi ingkang basa Inggris ipun dipunsebat Indonésian Capital Market Arbitration Board, dipundhirikaken déning Organisasi Regulator Mandiri (Self Regulatory Organization[1]-SROs) inggih punika Bursa Efek Jakarta(BEJ), Bursa Efek Surabaya (BES), P.T. Kliring Penjaminan Efek Indonésia (KPEI), lan P.T. Kustodian Sentral Efek Indonésia (KSEI) saha asosiasi-asosiasi ing lingkungan pasar modal Indonésia kanggé dados papan ngrampungaken sengkéta perdata ing babagan pasar modal liwat mekanisme cara ngrampungaken masalah ing njawi pengadilan.[2]
Sajarah madegipun BAPMI
[besut | besut sumber]BAPMI madeg kanthi wontenipun akta madeg inggih dhedhasar akta No. 15 ingkang dipundamel déning Notaris Fathiah Helmy SH lan dipuntapakasmani wonten ing Jakarta ing tanggal 9 Agustus 2002 kanthi dipunsekseni déning Mantri Kauangan Republik Indonesia wonten ing satunggaling upacara ing Departemen Kauangan Republik Indonesia. Salajengipun, BAPMI pikantuk pangesaha dados badan hukum kanthi wontenipun Kaputusan Mantri Hukum lan Hak Azasi Manusia Republik Indonesia No: C-2620 HT.01.03.TH 2002, tanggal 29 Agustus 2002, lan pangesahan kasebat sampun dipunbiwarakaken wonten ing Berita Nagara Republik Indonesia tanggal 18 Oktober 2002, Nomor 84/2002, Tambahan Berita Nagara Nomor 5/PN/2002.
Alternatif penyelesaian melalui BAPMI
[besut | besut sumber]Wonten ing BAPMI, para pihak ingkang sami sengketa saged milih 3 alternatif cara ngrampungaken sengketa inggih punika kanthi:
- Panemu Mengikat.
- Mediasi.
- Arbitrase.
Panemu mengikat
[besut | besut sumber]"Panemu mengikat" BAPMI inggih punika pamanggih ingkang dipunparingaken déning BAPMI saking dhasar pamintanipun para pihak ngengingi tapsiran satunggaling katentuan ingkang kirang cetha ingkang kaserat wonten ing serat kekancingan supados ing antawisipun para pihak boten wonten malih tapsir ingkang béda ingkang saged mbika dalan wontenipun masalah ingkang langkung lebet. BAPMI badhé paring pamanggih ingkang saged ngiket kanthi wujud seratan ingkang wonten tapak namanipun ketua BAPMI paling dangu ing wekdal 30 dinten kerja sasampunipun dipunwiwiti prosès pamariksanipun, ingkang dipunandharaken kanthi serat kecathet, sanès wonten ing satunggaling forum pirembagan. Panemu mengikat ingkang dipunparingaken déning BAPMI asipat final lan ngiket para pihak ingkang nyuwun, mila boten saged dipunajokaken sanggahan. Pamanggih ingkang ngiket punika kedah sampun dipuntindakaken wonten ing wekdal 30 dinten wiwit dipunmedalaken, lan saben tumindak ingkang boten jumbuh kaliyan penemu mengikat inggih kalebet nglanggar perjanjianipun.
Mediasi
[besut | besut sumber]Mediasi BAPMI inggih punika cara ngrampungaken masalah kanthi ngawontenaken pirembagan ing antawisipun pihak ingkang sami gadhah masalah kanthi pambiyantunipun pihak katiga ingkang nétral lan independen ingkang dipunsebat mediator ingkang asipat dados fasilitator ingkang nepangaken saben pihak supados sami magertosi perpektif, posisi, lan kapentinga saben pihak sanèsipun ingkang gayut kaliyan masalah ingkang wonten lan sesarengan pados solusinipun. Ancasing mediasi inggih punika saged nggayuh perdamaian ing antawisipun pihak ingkang gadhah masalah. Prosès mediasi badhé dipuntindakaken kanthi wekdal 14 dinten kerja wonten ing pirembagan (hearing) ingkang asipat tertutup kanggé umum lan dipuntindakaken ing papan ingkang sampun dipuntemtokaken déning BAPMI utawi papan sanèsipun ingkang dipunsarujuki déning para pihak.
Arbitrase
[besut | besut sumber]ARbitrase BAMPI inggih punika cara ngrampungaken sengketa kanthi nyerahaken wewenang dhateng pihak kaping tiga ingkang nétral lan independen ingkang dipunsebat arbitrer kanggé mriksa lan ngadili prakara ing tingkat sapisan lan pungkasan.
Peraturan arbitrase BAPMI
[besut | besut sumber]BAPMI sampun medalaken manéka warna peraturan ingkang dipun-ginakaken dados dhasar kanggé prosedhur arbitrase ingkang kados makaten:
- Peraturan lan acara badan arbitrase Pasar modal Indonésia: peraturan punika dipunsahaken déning kaputusan BAPMI nomer: Kep-04/BAPMI/11.2002, tanggal 19 November 2002, dados amendemen dhateng putusan BAPMI nomer: Kep-01/BAPMI/10.2002, tanggal 28 Oktober 2002.
- Peraturan ngengingi béya lan imbalan penyelesaian sengketa utawi béda penemu BAPMI: peraturan punika dipunsahaken déning putusan BAPMI Nomor: Kep-01/BAPMI/07.2005, tanggal 21 Juli 2005, sebagai amendemen terhadap Dudutan BAPMI Nomor: Kep-02/BAPMI/11.2002, tanggal 19 Novèmber 2002.
- Peraturan BAPMI ngengingi arbiter BAPMI: punika dipunsahaken déning putusan BAPMI nomer: Kep-03/BAPMI/11.2002, tanggal 19 November 2002.
- Pedoman benturan kepentingan lan afiliasi kanggé arbiter lan mediator BAPMI: peraturan punika dipunsahaken déning putusan BAPMI nomer: Kep-05/BAPMI/12.2002, tanggal 20 Dhésèmber 2002.
- Etika perilaku (Code of Conduct) arbiter/mediator BAPMI: punika dipunsahaken déning rapat umum anggota tahunan BAPMI, tanggal 30 Juni 2004.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ en:Self Regulatory Organization
- ↑ Situs resmi BAPMI Archived 2013-01-26 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 4 Pebruar 2013)