A.S. Roma
| Jeneng jangkep | Associazione Sportiva Roma SpA | ||
| Peparab | i Giallorossi (Kuning-Merah) La Maggica (Ajaib) i Lupi (Srenggala) | ||
| Diadegaké | 22 Juli 1927 (olèh Italo Foschi) | ||
| Lapangan | Stadion Olimpico Roma Roma, Italia | ||
| Kapasitas | 70 653 | ||
| Ketua | |||
| Manajer | |||
| Liga | Serie A | ||
| 2023/24 | Serie A, ke-6 | ||
| |||

A.S. Roma iku cekakan saka ukara Associazione Sportiva Roma, nanging luwih asring kanthi jejuluk AS Roma, yaiku salah siji grup bal-balan saka Italia kang ana ing Roma. Grup iki main ing Liga Italia.
Sajarah
[besut | besut sumber]A.S. Roma diwangun nalika taun 1927 déning Italo Foschi kanthi cara ndadèkake 3 grup bal-balan saka kutha Roma, yaiku Roman FC, SS Alba-Audace lan Fortitudo-Pro Roma SGS. Alesané nggabungaké grup-grup iku kanggo nyaingi grup-grup bal-balan saka Italia lor. Nanging ana uga grup ing kutha Roma kang ora mèlu nggabung yaiku SS Lazio.
Nganti saiki grup iki wis menangaké kompetisi, antarané grup sa-Éropah yaiku Inter-Cities Fairs Cup nalika taun 1960-1961 kang dadi bibité liga UEFA Europa League. Nanging nalika iku kompetisi Inter-Cities Fairs Cup ora dicekel déning UEFA, dadi Roma ora kacathet ing kelompok-kelompok kang wis tau menangaké Piyala UEFA.
