Anémia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tandha-tandha utama kang metu ana ing lara anemia

Anemia Anemia dipunngertosi dados kekirangan getih, punika keranten:

  1. Kirangipun konsèntrasi hemoglobin
  2. Mengandhapipun hematokrit
  3. Jumlah sel getih abrit kirang.

Manawi kados punika, anemia inggih punika pengandhapan jumlah sel getih abrit utawi kadar hemoglobin wonten ing lebete sel getih abrit kirang keranten wontenipun kesanesan wonten pendhamelan sel, pendharahan utawi gabungan kalihipun.

Pembagian anemia[besut | besut sumber]

Anemia boten kémawon dipuntepangi minangka kirang getih. Kedah dipunmangertos manawi wonten pinten – pinten anemia, inggih punika: a. Anemia keranten kirang zat besi (Fe). b. Anemis keranten pendharahan, c. Anemia kronis d. Anemia keranten gangguan nyerepipun zat besi (Anemia dispagia sideropenik) e. Anemia keranten kirang Fe wonten ing massa ngandhung. f. Anemia keranten infeksi parasit (kados lelara cacing tambang) g. Anemia sel ageng h. Anemia perniosiosa keranten gangguan nyerapipun vitamin B12 akiba kirangipun asem lambung (anhydria) i. Anemia wekdal lair (Kesanesan nyerapipun vitamin B12 wekdhal lair, manawi kados punika asem lambung boten wonten gangguan) j. Anemia keranten infeksi cacing dipilobotrium (kalih terganggu nyerapipun vitamin B12) k. Anemia keranten gangguan nyerapipun vitamin B12 keranten wonten pepintenan kesanesan kados operasi nugel aken usus alus utawi akibatipun diare kronis (chronic tropical sprue) l. Anemia skorbut (kekirangan vitamin C) m. Anemia sel ageng wonten ing salebetipun masa ngandung (megaloblastic anemia of pregnancy). n. Anemia asem orotik (keranten kekirangan enzim asem orotidilik dekarboksilase, sehingga tubuh boten mampu ngubah asem orotik dados orotidilik hingga asem orotik dipunmedhal aken saking toya seni). o. Anemia sel ageng akibatipun dhahar obat anti-kejang.

Penyebabipun Anemia Teng riki saged dipuntingali sebabipun anemia, inggih punika: 1. Gagalipun sungsum balung

Anemia aplastik (gangguan pendamelan sel getih abrit dipunsertai gangguan pendamelan sel getih sanèsipun) lan anemia aplastik sel getih abrit ingkang murni.

Risakipun sungsum balung kados wonten ing keganasipun, osteoporosis, lan myelo fibrosis (jaringan sungsum balung dipun-gantos jaringan fibrosis) kados wonten ing lelara ginjel kronis lan defiensi vitamin D.

Produksi hormone pankreas kirang, kados wonten ing:

  1. Penyakit ginjel pankreas
  2. Prodhuksi hormon klanjer gondhok kirang
  3. Prodhuksi hormone pituitary kirang
  4. Kirang gizi terutami protéin
  5. Peradhangan kronis
  6. Mutasi hemoglobin hingga kirang kemampuan kanggem ngikat oksigèn.

2. Gangguan matengipun sel getih abrit lan sel getih abrit kirang afektif wonten: Matengipun sitoplasma sel terganggu keranten:

  • Kirang zat besi (Fe), talasemia.
  • Anemia sideroblastik
  • Keracunan timah cemeng.

Matengipun inti sel getih abrit terganggu, keranten:

  • Defisiensi vitamin B12
  • Defiseiensi asem folat
  • Kekirangan vitamin B1
  • Kesanesan metabolisme asem folat

Penyakit ingkang dipunsebat orotic asiduria:

  • Anemia diseritropoetic primer (tipe I 4)
  • Eritropoetic protoporpiria
  • Anemia sideroblastik dipunsertai kekirangan hormone pankreas lan sungsum balung berongga.

Anemia hemolitik (sel getih abrit énggal ancur)

Gangguan hemoglobin[besut | besut sumber]

Mutasi struktoral

  • Mutasi pendamelan wonten ing sindrom talasemia
  • Kesanesan membran saking sel getih abrit
  • Kesanesan metabolism sel getih abrit
  • Anti bodi mediated
  • Trauma mekanik wonten ing sel getih abrit
  • Trauma suhu wonten ing sel getih abrit
  • Kekirangan oksigèn hingga ngrusak sel getih abrit
  • Penyakit infeksi ingkang nimbul aken kerusakan wonten ing sel getih abrit
  • Kegagalanipun sungsum balung
  • Sel getih abrit ingkang dipunwujud normal, nanging penghancuranipun sel énggal sanget.

Tandha lan tandha-tandha (sindrom)[besut | besut sumber]

Tandha-tandha anemia minurut mekanisme lan atofisiologi anemia. Tandha-tandha lan tandha – tandhanipun inggih punika respon atas kompensasi jantung lan pernapasanipun dipundhasaraken awrat lan laminipun jaringan ingkang ngalami kekirangan oksigèn.

Teng andhap punika, saged dipuntingali tandha – tandha saking tandha-tandha (sindrom) anemia:

  • Hb lebih andhap saking 7 mg %
  • Penderita ngeluh lemes
  • Gerah sirahipun Pemirenganipun ndengung
  • Peningalanipun kunang – kunang
  • Ngrasa énggal lemes lan sempoyongan
  • Gampil tersinggung
  • Haidipun mandheg
  • Perilakunipun boten wajar
  • Libido kirang
  • Gangguan saluran cerna
  • Selaput putih peningalan kuning
  • Organ limpa mengageng
  • Nafas sesek. Awalipun nafas jero, lami – lami nafas dados dangkal akhiripun payah jantung sampe shock
  • Nadi lemah lan énggal sanget.
  • Hipotensi ortostatik (tekanan getih ngandhap wekdhal perubahanipun posisi saking linggih wonten ing ngadheg uatwi saking tileman wonten ing posisi linggih).
  • Tekanan getih sakedhik mundhak kados akibatipun reflex penyempitanipun pembuluh getih alit (arteriol, lami – lami tekanan getih andhap sanget sampe ngakibat aken kepejahan).

Pengobatan[besut | besut sumber]

1. Pemaringan zat besi (Fe) Kanggem ngatasi anemia ingkang jelas penyebabipun, maringi Fe kirang berhasil, sadèrèngipun penyebab dipunatasi. Anemia ingkang boten terlalu abot (sedengan) limrahipun dipunsebab aken keranten pendharahan. Preparat Fe limrahipun dipunparing wonten wujud garam (kados Ferrous sulfat, glukonat utawi fumarat) utawi wonten wujud gabungan kalih gula (sacharat) ingkang dipunparing per oral nanging perlu dipunpertimbangaken pemaringan obat maag (antasida) lan dhaharan ingkang ganggu nyerapipun preparat besi (Fe), manawi penambahan vitamin C saged mundhak aken penyerapan Fe Preparat Fe wonten ing wujud kapsul nyerapipun kirang saé, nanging kados punika pemaringan Fe per oral tebih lebih aman dipunbandhingaken kalih pemaringan kanthi suntikan. Pemaringan Fe suntikan limrahipun dipunparingi wonten ing penderita ingkang kirang toleransi manawi dipunparingi per oral uatawi keranten penderita keicalan kathah getih kados wonten ing congenital teleangiectasi hemorrhagic (kadadosan pelebaran pembuluh kapiler wekdhal lair) Respons pemaringan zat besi nembé katingal sasampunipun 7-10 dinten. Hal punika katingal wonten ing preparat sel retikulosit (sel enem bakal dados sel getih abrit) Manawi kalih pemaringan Fe anemia boten saged dipunatasi punika pendharahan taksih teros berlangsung utawi wonten prosès keganasan wonten ing lebet tubuh penderita. 2. Transfusi getih Pengobatan anemia boten merlu aken transfusi. Transfusi dipunperlu aken manawi penderita anemia sampun ngalami kesanesan jantung. 3. Pemaringan ATG (Anti Timosit Globulin) Pemaringan ATG punika dipunlampahi kalih dosis 15 mg/Kg BB dipunlarut aken wonten toya garam fisiologis saking infus salami 4-6 jam wonten wekdhal 10 dinten berturut – turut. 4. Transplantasi sungsum balung Transplantasi punika saking sesamian penderita ingkang limrahipun dipunlampahi wonten wonten ing usada anemia aplastik. 5. Pemaringan EPO (Erythropoetin) Pemaringan EPO punika gadah kegunaan kanggem ngrangsang pendhamelan sel getih abrit. Hormon androgen utawi kortikosteroid angsal dipuncobi kanggem mundhak aken pendhamelan sel getih abrit (erythropoietin) kalih nglindungi ancur aken sel getih abrit (hemolisis) Hidroksi urea 500 mg/dinten utawi selang sadinten saged ngirangi pengagengan organ limpa hingga pengancuran sel getih abrit saged dipunbatesi.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Yatim, Faisal.2003.Talasemia Leukimia dan Anemia.Jakarta:Pustaka Populer Obor.

--Ais Unnes pirembagan 25 Mèi 2012 23.38 (UTC)Nayla Assifa