Alérgi endhog
Alérgi endhog ya iku réaksi kang ora wajar saka sistem awak amarga protéin saka endhog.[1] Hipersénsitivitas imun saka protéin kang diasilaké saka endhog pitik, bèbèk, énthok lan kalkun. Alérgi endhog bisa ngenani kang isih bocah nganti diwasa. Yén kena alérgi iki nalika isih ciliki, biasané nalika diwasa bisa ilang. Biasané kang gawé alergi iku kuningé endhog.[1] Tandha-tandha yén kena alérgi iku bisa tuwuh langsung lan ora langsung. Pisanan kondhisi awak yén arep alérgi iku dijenengi anafialaksis. Kaanan ngéné iki duwé poténsi bebaya kanggo awak. Mula, kaya kuwi butuh perawatan nganggo épinefrin.[2] Kasus-kasus alérgi ngéne iki ing nagara manca, utamané Amérika, alérgi panganan saka bahan susu sapi, endhog, gandum, utawa kacang-kacangan.[3] Ing Amérika dhèwé endhog iku paling akéh gawé alérgi nomer loro sawisé susu sapi. Senajan alérgi endhog biasané katon pisanan nalika isih cilik lan bisa nganti dhèwéké diwasa. Ana wong bisa nambani alérginé ing umur limang tahun, nanging ana uga alérgi sasuwénè urip.[4]
Sebab
[besut | besut sumber]sebab-sebab wong bisa kena alergi amarga mangan endhog, vaksin, olahraga.
Vaksin
[besut | besut sumber]Wis dimangérténi yén vaksin kuwi biasané digawé saka nyuntiké virus kang urip ana ing pitik kang lagi ngendhog. Virus-virus iku nalika arep diundhuh, padha dipaténi, ananging sisa-sisa saka protéin endhog jelas isih katon. Saben taun vaksin iki ana amarga ana butuh kanggo nambani virus flu. Utamané ing wayah rendheng. Apa manéh usum lara flu ing taun 2017-2018, vaksi iki digambaraké dadi IIV3 lanm IIV4 kanggo resisténsi virus kang ana. Yén bisa anané tindhakan iki gawé kurangé wong-wong kang alérgi karo endhog nganti parah. Vaksin iki diarani flu rékombinan.[5]
Mangan endhog
[besut | besut sumber]Sebab kang paling katon ya iku alérgi endhog thukul menawa mangan apa baé kang ana bahan endhog. Alérgi iki bisa ana amarga mangan endhog. Ora predhuli jumlahé sithikk utawa akéh. Wong kang alérgi karo endhog pitik uga biasané uga alérgi karo endhog énthok, bèbèk utawa kalkun.[6]
Olahraga
[besut | besut sumber]Ing kéné iki dijelasaké babagan kaanan kang jenengé anafilaksis, kaanan iki gumantung karo panganan (FDEIAn). Kakéen olahraga bisa nyebabkaké awak gatél marga ngetokaké kringet. Prastawa ngéné iki gawé alérgi tambah parah. Olahraga uga ora dadi sebab kautaman nalika awak bakal alérgi. Panganan kang gawé alérgi urung tamtu gawé awak alérgi. Kaya mangkéne iki bisa kedadéyan amarga sakdurungé olahraga abot, awak némbé narima asupan kang maraké alérgi. kedadéan iki uga kang nyebabkaké anafilaksis. Panganan kang dikarepaké ing kéné ya iku endhog.[7]
Tandha-tandha
[besut | besut sumber]Alérgi iki du'weni tandha pisanan kang cetha, ya iku cepet banget njalar ing awak. Mung butuh wektu kira-kira sejam anggoné nyebar ing awak. tandha-tandhané kaya ta gatel-gatel sak awak saka lambé tekan sikil, lambéne njontor, ora bisa nggelek panganan, pilek, swaran;e serak, sesak napas nganti méncrét. mulés kang ora mandheg-mandheg. BIsa uga nganti muntah lan semaput.[8]
Tandha-tandha alérgi ing saben wong iku béda-béda ya iku gumantung faktor-faktor kagiyatan kang dilakokaké saben wong. Bebaya kang prelu dadi waspada ya iku nalika alérgi kuwi nganggu saluran kanggo ambekan. Amarga bisa dadi sebab asma, yén wis parah dadi sianosis. Menawa wis krisis gawé nadhi alon, kulit kisut banjur semaput. Kedadén iki kang diarani anafilaksis.[8]
Anafilaksis kedadéan ana amarga nalika zat antibodi IgE an awak alan panganan kang gawé alérgi keteu langsung. Tandha-tandha mangkéné iki yén ora ndang ditangani bakal dadi vasolidata, nganti bisa dadi sebab ninggal donya.[9]
Pengobatan
[besut | besut sumber]Pengobatan ing kéné tegesé kudu bener-bener ora mangan protéin endhog. Senajan, tetep ana kang duwéni anggepan ngéné iki ya ora kudu.[10] Anggepan ngéné iki kudu didelok manéh saka sensitivitas saben wong ngenani alérgi endhog. Ana wong duwéni rasa hipersensitivitas karo réaksi tartamtu, kaya ta prednison bakal dadi resép ing fasé lanjut utawa Antihistamin iki kan dadi resép.[11] Réaksi alérgi kang parah (anafalaksis) bisa uga prelu perawatan pulpén épinéfrin, ya iku piranti kang digawé pancén kanggo wong awam utawa biyasa nalika kepépét. Dosis kang dibutuhaké ya iku 16-35% episodhe.[12]
Diagnosis
[besut | besut sumber]Diagnosis alérgi karo endhog biasané bisa didelok saka riwayat saben wong nalika duwé alérgi saka Skin Prick Test (SPT). Banjur diuji nganggo sérum immunoglobulin E (IgE utawa sIgE). Kango nguji akhir biasané migunakaké tantangan placebo-controlled food. SPT lan slgE duwéni rasa sénsivitas kang dhuwur yaiku kira-kira ana ing 90% la spésivitas ing 50-60%, ateges ngéné iki bisa ngecek zat protéin saka endhog uga alérgi liya. Biyasané ngéné iki ana disuntikké ing bocah cilik kanggo ngecék poténsi saka anané réspons SPT lan sIgE. Amarga bocah cilik biasané gampang alérgi karo sembarang panganan.[13]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b Halodoc. "Penyakit Alergi Telur - Gejala, Penyebab, dan Cara Mengobati | Halodoc.com". halodoc (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-10.
- ↑ "Wayback Machine" (PDF). web.archive.org. 2006-10-04. Diarsip saka asliné 2006-10-04. Dibukak ing 2019-12-19.
{{cite web}}
: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link) - ↑ Muñoz-Furlong, Anne (1996-01-01). "Special: Food Allergy Alert!". Pediatric Asthma, Allergy & Immunology. 10 (3): 151–152. doi:10.1089/pai.1996.10.151. ISSN 0883-1874.
- ↑ Urisu, Atsuo; Ebisawa, Motohiro; Ito, Komei; Aihara, Yukoh; Ito, Setsuko; Mayumi, Mitsufumi; Kohno, Yoichi; Kondo, Naomi (2014-01-01). "Japanese Guideline for Food Allergy 2014". Allergology International. 63 (3): 399–419. doi:10.2332/allergolint.14-RAI-0770. ISSN 1323-8930.
- ↑ Grohskopf, Lisa A. (2017). "Prevention and Control of Seasonal Influenza with Vaccines: Recommendations of the Advisory Committee on Immunization Practices — United States, 2017–18 Influenza Season". MMWR. Recommendations and Reports (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 66. doi:10.15585/mmwr.rr6602a1. ISSN 1057-5987.
- ↑ Caubet, Jean-Christoph; Wang, Julie (2011-04-01). "Current Understanding of Egg Allergy". Pediatric Clinics of North America. Food Allergy in Children. 58 (2): 427–443. doi:10.1016/j.pcl.2011.02.014. ISSN 0031-3955.
- ↑ Feldweg, Anna M. (2017-03-01). "Food-Dependent, Exercise-Induced Anaphylaxis: Diagnosis and Management in the Outpatient Setting". The Journal of Allergy and Clinical Immunology: In Practice. 5 (2): 283–288. doi:10.1016/j.jaip.2016.11.022. ISSN 2213-2198.
- ↑ a b Zhang, Zhenyu; Yu, Ping (2019). Encyclopedia of Gerontology and Population Aging. Cham: Springer International Publishing. kc. 1–7. ISBN 978-3-319-69892-2.
- ↑ Sicherer, Scott H.; Sampson, Hugh A. (2014-02-01). "Food allergy: Epidemiology, pathogenesis, diagnosis, and treatment". Journal of Allergy and Clinical Immunology . 133 (2): 291–307.e5. doi:10.1016/j.jaci.2013.11.020. ISSN 0091-6749. PMID 24388012.
- ↑ Martorell, A.; Alonso, E.; Boné, J.; Echeverría, L.; López, M. C.; Martín, F.; Nevot, S.; Plaza, A. M. (2013-09-01). "Position document: IgE-mediated allergy to egg protein". Allergologia et Immunopathologia. 41 (5): 320–336. doi:10.1016/j.aller.2013.03.005. ISSN 0301-0546.
- ↑ Tang, Angela W. (2003-10-01). "A practical guide to anaphylaxis". American Family Physician. 68 (7): 1325–1332. ISSN 0002-838X. PMID 14567487.
- ↑ Muraro, A.; Roberts, G.; Worm, M.; Bilò, M. B.; Brockow, K.; Rivas, M. Fernández; Santos, A. F.; Zolkipli, Z. Q.; Bellou, A. (2014). "Anaphylaxis: guidelines from the European Academy of Allergy and Clinical Immunology". Allergy (ing basa Inggris). 69 (8): 1026–1045. doi:10.1111/all.12437. ISSN 1398-9995.
- ↑ Calvani, Mauro; Arasi, Stefania; Bianchi, Annamaria; Caimmi, Davide; Cuomo, Barbara; Dondi, Arianna; Indirli, Giovanni Cosimo; Grutta, Stefania La; Panetta, Valentina (2015). "Is it possible to make a diagnosis of raw, heated, and baked egg allergy in children using cutoffs? A systematic review". Pediatric Allergy and Immunology (ing basa Inggris). 26 (6): 509–521. doi:10.1111/pai.12432. ISSN 1399-3038.