Alas Mangrove Karangsong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Alas Mangrove Karangsong
Widyabumi
Map showing the location of Alas Mangrove Karangsong
Map showing the location of Alas Mangrove Karangsong
Alas Mangrove Karangsong
PernahIndramayu, Jawa Kulon, Indonésia
Koordhinat6°18′09″S 108°22′06″E / 6.3025556°S 108.3684013°E / -6.3025556; 108.3684013Koordhinat: 6°18′09″S 108°22′06″E / 6.3025556°S 108.3684013°E / -6.3025556; 108.3684013
Amba5,6 Ha

Alas Mangrove Karangsong (basa Indonésia: Hutan Mangrove Karangsong) iku alas mangrove lan papan wisata kang kapernah ing Pasisir Karangsong, ing Désa Karangsong, Kacamatan Indramayu, Kabupatèn Indramayu.

Wedharan[besut | besut sumber]

Alas kang ambané watara 5,6 Ha[1] iki minangka laladan panyanggan (buffer zone) tumrap abrasi saka Sagara Jawa. Laladan kang tinanduran mangrove ana ing sungapaning Kali Praja Gumiwang utawa aran Sungapan Song.[2] Alas iki karumat kawit 2008 lan kagolong isih tumuwuh, mula daya resepan karboné isih sedhengan, kang kèhé 19,818 ton C saben hèktare. Alas mangrove kang suwéné wis 25 taun lumrahé duwé kandhutan karbon kèhé 182,5 ton C saben hèktare.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Rusaking alas[besut | besut sumber]

Alas mangrove Karangsong isih rungkud ing watara taun 1970-1980. Ing taun 1983, rusaking alas wiwit katon sawisé ilèning Kali Cimanuk kaénggokaké ngener Dhusun Waledan ing Désa Lamaran Tarung. Pangénggoké ilèning kali iku njalari Désa Karangsong ora olèh sèdhimèn, kang temahané njalari abrasi.[4]

Aliya saka iku, rusaking alas mangrove saya ndadra nalika urang windu dadi trèn ing taun 1995. Kala samana, alas mangrove dibabat wong akèh saperlu didadèkaké tambak urang windu. Tundhoné, laladan pasisir ora kaayoman saka alun sagara kang njalari abrasi saya ndadra. Wusana, tambak-tambak urang malah ditinggal wong-wong.[4]

Paugeran désa[besut | besut sumber]

Alas mangrove iki rinumat kawit taun 2008 déning Kelompok Tani Lestari kanthi cara mulihaké kaanan alas kaya kawitan. Upaya iku ing kawitan kerep nemahi gagal amarga palemahan kang arep kapulihaké duwé hak guna usaha (HGU) kanggo tambak. Amarga iku, ing taun 2009, Peraturan Desa (Perdes) No. 9 kinukuhaké kanggo ngreksa laladan mangrove iki. Ing paugeran désa iku, palemahan 2,5 hèktare ora kena kanggo budidaya (usaha) lan kinukuhaké minangka pangayoman mangrove. Wong kang konangan ngrusak mangrove bakal kaplaksana nandur 100 wit mangrove anyar nganti thukul.[4]

Sana wisata lan wiyata[besut | besut sumber]

Alas iki kinepyakaké dadi ékowisata kawit taun 2010 tekan 2014 lumantar program CSR PT Pertamina Refinery Unit VI Balongan.[3] Ing kawitan, 5.000 wit katandur ing alas iki.[2] Ing taun 2012, 10.000 wit katandur. Ing 2014, dalanan kayu dawané 750 mèter ginawé kanggo wong plesiran kang arep ngambah alas mangrove.[4]

Ing taun 2015, panggonan iki karancang minangka punjer mangrove tumrap wewengkon kulon Indonésia déning Menteri Lingkungan Hidup dan Kehutanan, Siti Nurbaya, nalika mbukak Karangsong Mangrove Festival. Kanthi mangkono, Alas Mangrove Karangsong ingajab dadi punjer wiyata bab buwengan (lingkungan) lan laboratoriyum mangrove.[3]

Nembé ing taun 2017, Alas Mangrove Karangsong kinepyakaké minangka punjer wiyata lan riset babagan mangrove tumrap wewengkon Indonésia iring kulon, déné alas mangrove ing Surabaya minangka punjer wiyata lan riset tumrap wewengkon Indonésia iring wétan.[5]

Pangaji[besut | besut sumber]

Paguyuban kang ngrumat alas mangrove iki olèh pangaji loro kang gegayutan karo upayané mulihaké buwengan. Pangajiné iku Penghargaan Penyelamatan Lingkungan saka Bupati Indramayu lan Raksa Prasada tumrap pawongan/paguyuban kang perduli marang buwengan saka Badan Pengelolaan Lingkungan Hidup Daerah Provinsi Jawa Kulon.[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Arboretum Mangrove Karangsong, Tempat Belajar Mangrove di Habitat Alaminya". National Geographic Indonesia. 2017-08-02. Dibukak ing 2019-01-12.
  2. a b "Fakta Menarik Hutan Mangrove Karangsong Indramayu". pertamina.com. Dibukak ing 2019-01-12.
  3. a b c "Pertamina Tanam Ribuan Bibit Mangrove di Indramayu". TEMPO.CO. 2017-07-30. Dibukak ing 2019-01-12.
  4. a b c d e "Belajar dari Kearifan Lokal Masyarakat Desa Karangsong". republika.co.id. 2016-11-21. Dibukak ing 2019-01-13.
  5. Sufa, Theresia (2017-10-30). "Karangsong named a mangrove research center". The Jakarta Post. Dibukak ing 2019-01-12.