Akibat pamanasan global ing segara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Akibat pamanasan global ing segara ya iku sawijing akibat disebabké amarga munggahé suhu ing segara. Panyebab iki akèhé kedadéan hawa kang owah kanthi èkstrem, lan owahé curah udan. Akibat iki uga dadi panyumbang owahé ékosistem ing segara lan sawenèh padunung ing pasisir.

Panyebab[besut | besut sumber]

Pamanasan global ing segara disebabké sawenèh faktor. Panyebab iki bisa disebabké saka kagiyatan segara iku dhéwé lan dharatan.

Gas omah kaca[besut | besut sumber]

Omah kaca ya iku omah kang dinggo nganggo nandur tetuwuhan, kang bahan kanggo gawé omah iki lumrahé kaca utawa fiber. Jeroné omah kaca hawané luwih panas saka njabané omah. Gas omah kaca iki diumpamakaké kaya gas-gas kang nyebabaké bumi luwih panas kaya ing jeroné omah kaca. Menawa saya akèh gas iki ana ing atmosfèr nyebabaké hawa bumi saya panas. Menawa ing segara hawané saya panas, nyebabaké anané nilapracandra (angin banter) ing sawijining laladan, lan ing laladan liyané ora ana udan.[1] Gas omah kaca kaya ta:[2]

Karbondioksida[besut | besut sumber]

Karbondioksida utawa CO2 ya iku gas kang dumadi saka siji atom karbon lan loro oksigèn. Gas iki diasilaké saka bledhosan gunung merapi, nanging kang gedhé dhéwé saka asil pambakaran bahan bakar saka fosil. Nganti saiki luwih saka setengah gas CO2 ing atmosfèr saka asil pambakaran bahan bakar fosil kang suwéné saka 30 taun kepungkur. Kagiyatan padinan kang ngasilaké gas karbondioksida kaya ta gunakaké mobil utawa pit motor kang bahan bakaré saka fosil lan pambakaran batu bara kanggo ngasilaké listrik.

Mètana[besut | besut sumber]

Mètana digawé saka réaksi antara hidrogèn utawa banyu. Gas mètana iki diasilaké saka kagiyatan ternak, tani, sampah, gas bumi, batu bara, lan rawa-rawa. Mètana iki panyebab kaloro gas omah kaca kaloro sakwisé gas karbondioksida.

Ozon[besut | besut sumber]

Ozon utawa trioksigèn ya iku gas kang duwéni rumus kimiya O3. Gas iki kapernah ana ing 30 kilomèter sakdhuwuré saka bumi, lapisan stratosfèr. Mupangat gas iki ya iku kanggo nolak radiasi saka srengéngé. Nanging, menawa gas ozon digunakaké ing lapisan kang luwih ngisor, troposfer, nyebabaké panas ora bisa metu saka bumi. Gas ozon iki kabentuk amarga kagiyatan pabrik kang ora nurut marang baku mutu lan akèhé kendaraan.

Dinitrogèn oksida[besut | besut sumber]

Dinitogèn oksida utawa N2O digunakaké kanggo nambah rikaté kendaraan lan rokèt. Sacara alami, dinitrogèn oksida diasilaké laut lan baktèri ing lemah. Nanging, dinitrogèn oksida kang akèh diasilaké saka pabrik kang ora nurut marang baku mutu. Akibat dinitrogèn kang akèh nyebabaké lapisan ozon rusak lan segara dadi luwih panas. Rusaké lapisan ozon iki uga nyebabaké kanker kulit amarga radiasi saka srengéngé dadi luwih kuwat.

Klorofluorokarbon[besut | besut sumber]

Zat iki digawé saka gabungan anasir klorin, karbon, hidrogèn, lan florin. Klorofluorokarbon utawa CFC iki ancasé kanggo zat ngadhemké. CFC iki uga disebut fréon. Padha karo dinitrogèn oksida, CFC bisa nyebabaké rusaké ozon lan nyebabaké panasé bumi tambah. Nalika taun 1987, disarujuki prajanjèn Montreal Protocol kang surasané ora nganggo manèh gas-gas kang ngrusak ozon. Taun 2018 NASA nglapuraké, bolongan ozon wiwit suda amarga pamengingé CFC.

Uwab banyu[besut | besut sumber]

Uwab banyu ya iku banyu kang wujud fasané ing gas. Banyu segara nguwab amarga kena panas saka srengéngé banjur dadi méga ing langit. Banyu kang méga iku banjut nètès dadi udan. Prosès udan iku hawané dadi adhem.

Akibat kang njedhul[besut | besut sumber]

Owahé suhu banyu segara[besut | besut sumber]

Prakiraan owahé suhu banyu segara akibat pamanasan global

Segara nyedhot luwih saka 90 persèn panas saka gas omah kaca kang diasilaké kagiyatan manungsa wiwit 1970-an. Prosès iku nyebabké kauripan ing jero segara, kaya ta plankton, iwak, penyu, lan ubur-ubur obah nyeraki kutub (laladan kang luwih adhem). Panas ing jero segara bisa nembus nganti 700 mèter. Rong negara panyumbang gas buwang gedhé dhéwé, Cina lan Amérikah Sarékat, ngesahké prajanjèn donya kang surasané kanggo nangani owahé iklim. Prajanèn iku duwé ancas kanggo ngilangi gas buwang.[3] Owahé suhu segara lan radiasi kang dhuwur, ngakibatké usum ketiga kang luwih dawa.[4]

Owahé kéwan lan tetuwuhan ing segara[besut | besut sumber]

Owahé suhu, kandhutan oksigèn, lan biogéokimiya kanthi langsung ngowahi organismé-organismé ing segara. Akibat saka mudhuné kandhutan oksigèn ing banyu nyebabaké iwak awaké saya cilik. Nanging, akibat saka kahanan iku durung dimangertèni owahé ékosistem ing segara. Diprakirakaké nyusuté ukuran iwak udakara 14-24% saka taun 2000 nganti 2050 menawa ing kahanan polusi kang gedhèn-gedhèn. Ing laladan tropis, owahé gedhé iwak nyusut luwih saka 20%.[5]

Panaliti Musiyum Nasional Sujarah Alam Smithsonian Institution Washington Amerika, Nancy Knowlton medharaké segara kang jembar duwéni potènsi minangka nyedhot karbon (carbon sink) kang gedhé, nanging bisa ngrusak biota ing segara.[6] Miturut lapuran 460 kaca saka Sarékat Internasional kanggo Konsèrvasi Lingkungan (IUCN), owahé ékosistem ing segara ping 1,5 nganti 5 owah luwih rikat saka ékosistem ing palemahan (daratan), lan menawa owahé ékosistem mau ora bisa bali kaya wiwitan.[3] Amarga munggahé suhu ing segara mèlu kaganggu. Contoné, paus kang kerep manggon ing papan kawin lan wektu kang salah. Sakliyané iku, sawenèh manuk segara kang ngendhog ing Atlantik Lor nanging nyekel iwak papan kang ora saklumrahé.[3]

Owahé dhuwuré banyu segara[besut | besut sumber]

Owahé dhuwur banyu segara ing saben tauné

Owahé dhuwuré banyu segara disebabké déning ajèré glètser lan lapisan ès banjur banyuné mili ing segara. Kahanan iku nyebabaké dhuwuré banyu segara saya dhuwur. Kahanan iku nyebabaké saweneh kadadéan kaya ta intrusi (rembes) banyu segara menyang lemah, banjir ing kali, lan njedhulé ledhokan banyu segara ing pasisir. Sawenèh kang nandang akibat iki kaya ta babagan tetanèn, kaséhatan, segara, lan kemunah iwak.[7] Data CostalDEM iki digunakaké bebarengan karo statistik populasi banjur disimulasiké asilé akèh padunung kang nandang akibat owahé dhuwur banyu segara. Enem negara Asiah (Cina, Benggala Dhésa, India, Viètnam, Indonésia, lan Tanah Thai), kudu ngadhepi banjir segara taun 2050. Laladan ing nandang kadadéan iku udakara 237 juta jiwa.[8]

Upaya kanggo nyuda akibat[besut | besut sumber]

Ora nganggo bahan kang saka gas omah kaca[besut | besut sumber]

Kanggo nyuda saya gedhé akibat pamanasan global mula bahan-bahan kang duwéni akibat omah kaca kudu diganti kang luwih aman. Contoné gas CFC kang lumrahé dinggo refrigerator diganti nganggo propana kang luwih aman.

Ngurangi uwuh plastik ing segara[besut | besut sumber]

Kanggo ngurangi uwuh plastik ing segara perlu ditepaké aturan kanggo kapal-kapal supaya ora buwang sampah ing segara. Sakliyané iku uwuh plastik kudu diolah manèh (daur ulang) sadurungé dicuresaké. Akèh para tokoh donya nyuarakké kanggo ngurangi uwuh ing segara. Uwuh-uwuh iku bisa diolah dadi barang liya kang luwih migunani utawa ènèrgi.[9][10]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Ada di Atmosfer Bumi, Gas Rumah Kaca Terdiri dari Apa Saja, ya? - Semua Halaman - Bobo". bobo.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-23.
  2. Media, Kompas Cyber. "6 Gas Rumah Kaca Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-23.
  3. a b c "Pemanasan Global Ganggu Kehidupan Laut". Republika Online. 2016-09-06. Dibukak ing 2020-03-24.
  4. developer, mediaindonesia com (2019-08-24). "Perubahan Iklim Bisa Bangkitkan Kekeringan Ekstrem di Amerika". mediaindonesia.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-24.
  5. Cheung, William W. L.; Sarmiento, Jorge L.; Dunne, John; Frölicher, Thomas L.; Lam, Vicky W. Y.; Deng Palomares, M. L.; Watson, Reg; Pauly, Daniel (2013-03-01). "Shrinking of fishes exacerbates impacts of global ocean changes on marine ecosystems". Nature Climate Change (ing basa Inggris). 3 (3): 254–258. doi:10.1038/nclimate1691. ISSN 1758-6798.
  6. Media, Kompas Cyber. "Polusi dan Pemanasan Global Matikan Biota Laut". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-23.
  7. "PERUBAHAN IKLIM". Departemen Teknik Geofisika (ing basa Inggris). 2018-11-21. Dibukak ing 2020-03-24.
  8. Media, Kompas Cyber. "Indonesia dan 5 Negara Asia Diprediksi Terendam Air Laut pada 2050 Halaman 2". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-24.
  9. Rakyat, Pikiran (2019-06-24). "Para Tokoh Serukan Kepedulian pada Pencemaran Laut oleh Sampah Plastik - Pikiran-Rakyat.com". www.Pikiran Rakyat (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-24.
  10. Fauzi, Moch Prima. "Cara Menhub Kurangi Pencemaran Laut dari Sampah Plastik". detiknews (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-24.