Adu jago

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Adu jago ya iku sawijining dolanan kanggo kasenengan wong diwasa, kanthi ngadu pitik jago cacah loro ing papan kang karan kalangan. Pitik kang mlayu (mlincur), lémpoh utawa malah mati kaanggep kalah. Lumrahé adu jago uga dibarengi nganggo tontohan saka wong-wong kang ndelok ing sacedhaké kalangan.

Pitik kang diadu lumrahé diingu kanthi tujuan diadu lan mula banjur digulawentah amrih jagoné duwé  awak pengkuh lan rosa.

Sajarah[besut | besut sumber]

Mozaik saka jaman Romawi kuna, nuduhaké jago loro lagi diadu

Adu jago ing jaman kuna wis ana lan buktiné katemokaké ing peradaban Lembah Indus.[1] IEncyclopædia Britannica (2008) ngemu:[2]

Adu jago populèr nalika jaman kuna ing India, China, Persia lan nagara asia liyané. Banjur digawa menyang Yunani kuna jamané Themistocles (sakiwa-tengené 524-460 SM). Ing wektu kang suwé, wong Rumawi kena pengaruh ora nyenengi adu jago, nanging sabanjuré malah banjung nggandrungi. Ing abad sepisanan, akèh wong Rumawi kang ngentèkaké bandha warisan kanggo tohtohan ing dolanan adu jago.

Adu jago ing Indonésia[besut | besut sumber]

Adu jagi kanggo ritual  ing Bali, Indonesia, 1971

Adu jago kalebu tradhisi kang lawas ing pulo Bali. Kasebut ing Prasasti Batur Bang I (saka taun 933) lan Prasasti Batuan  (taun 944 taun saka) mratèlakaké manawa  ritual tabuh rah wis ana pira-pira abad.[3] Ing Bali, adu jago dikenal minangka istilah tajen, lan kalebu srana kanggo ngusir dhemit.[4] Ritual kang diarani tabuh rah iki kalebu srana tumbal[5] nganggo getih pitik kang kalah. Adu jago wajib kaleksanakaké nalika upacara agama.[6] Adu jago kanthi tujuan saliyané ritual kaanggep perkara judi, sanajan  isih umum ing akèh wewengkon ing Indonésia. Wong wadon lumrahé ora mèlu adu jago.

Adu jago ing nagara liya[besut | besut sumber]

Adu jago ing pinggiran kutha  Kabul, Afganistan

Adu jago uga ana ing Kuba, Peru, Brazil, Mèksiko, Irak, India, Jepang, Pakistan lan Filipina.

Lakon pewayangan[besut | besut sumber]

Salah siji lakon ing pewayangan ya iku Kangsa Adu Jago 

Pitik kang diadu[besut | besut sumber]

Pitik kang ditangkaraké mirunggan kanggo adu jago racaké jinis pitik bangkok kang duwé awak kang kenceng lan pengkuh. Kanggo menangi tandhing, pitik dirumat kanthi setiti, kayadéné nglatih atlit kang bakal tandhing ulahraga.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Sherman, David M. (2002).
  2. ^ Cockfighting.
  3. ^ "Bali-Cockfighting Tradition Lives". The Jakarta Post. Jakarta, Indonesia: Thejakartapost.com. 2002-01-24. Dijupuk 2014-02-11. 
  4. ^ Bali Today: Love and social life, By Jean Couteau, Jean Couteau et al., p128-129, Kepustakaan Populer Gramedia, 2005
  5. ^ Bali, Sekala and Niskala: Essays on society, tradition, and craft, Fred B. Eiseman – page 240 – Periplus Editions, 1990
  6. ^ Bali, Sekala and Niskala, Vol. 2: Essays on Society, Tradition, and Craft, Fred B. Eiseman Jr.