2G

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

2G utawa Second Generation (cara Jawa: Gènerasi Kapindho) iku tèknologi komunikasi kang nggunakaké mékanisme sinyal radhio dhigital, dudu mékanisme sinyal radhio analog kaya ing gènerasi kawitan (1G).[1][2] Kawit akir 1980-an, gènerasi 1G wis ingaran kuna lan pangrembakané IC (integrated circuit) njalari komunikasi dhigital sangsaya praktis tur ékonomis.[3] Kaluwihané 2G tinimbang 1G ya iku momotané gedhé, swarané resik, lan luwih aman.[1]

Sistem dhigital ana ing 2G kapérang miturut lakuné aksès dhobel dadi: FDMA (Frequency Division Multiple Access), TDMA (Time Division Multiple Access), lan CDMA (Code Division Multiple Access).[3]

  • FDMA: spèktrum radhio dipecah dadi pirang-pirang sekoneng frékuènsi lan saben pangguna kawèh frékuènsi dhéwé kanggo tetular.
  • TDMA: pirang-pirang panganggo ana ing frékuènsi siji, nanging ana ing sekoneng wektu kang béda.
  • CDMA: sinyal radhio dimodhul ana ing bandwidth dhuwur kang nyebar rupa gelombang kang aran rupa gelombang tèken utawa kodhe. Sanajan pangguna tetular ana ing frèkuènsi lan wektu kang bebarengan, sinyal bisa dipecah jalaran rupa gelombang tèken duwé korélasi sabrangan kang cilik banget.

Sadurungé CDMA, ana GSM (Global System for Mobile Communication) kang wis muncul ing Éropah. Mulané, GSM lan CDMA dadi rong sistem kang makili tèknologi 2G.[1][2] Gènerasi 2G, kang rikaté pangalih dhata nganti 14,4 kbps, wis bisa ngirim layang tèks (SMS).[1]

Kalebu génerasi 2G ya iku:[2]

  • 2.5G utawa GPRS (General Packet Radio Service)
  • 2.75G utawa EDGE (Enhanced Data rates for GSM Evolution)

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d "Teknologi Jaringan Seluler: Apa itu 4G? (Pérangan 1)". Tabloid Pulsa (ing basa Indonésia). Dijupuk 19 Juli 2017. 
  2. ^ a b c "Mobility Technologies and Standards". RFiD Centre (ing basa Inggris). Dijupuk 19 Juli 2017. 
  3. ^ a b "Generations of Wireless Communication. From 0G to 5G | Abhi". Academia (ing basa Inggris). Dijupuk 19 Juli 2017.