Zygomycota
| Zygomycota | |
|---|---|
| Sporangium of a Phycomyces sp. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| divisio: | Zygomycota Moreau 1954 (technically invalid) |
| kelas: | mold |
| Orders | |
|
Mucoromycotina: Endogonales |
|
Zygomycota iku salah sijine divisi ing Jamur. Jamur iki dijenengi Zygomycota merga gawé spora istirahat kang duwe dhindhing kang kandel kang dijenengi Zigospora. Zygomycota urip ing darat, ing lemah utawa ing luwihan organisme kang wis mati. Zygomicota duwé miselium kang duwé akéh pang lan ora duwé sekat.[1] Hifané duwé sifat senositik. [1] Zygomicota iku biasané dienggo kanggo nggawé témpé yaiku Rhizopus oryzae lan kanggo tapé yaiku Mucor javanicus. [2] Rhizopus iku bagéyan saka Zygomicota. Miselium ing Rhizopus ana telu jinisé yaiku:
- Stolon yaiku hifané gawé jaringan ing permukaan papan kang ditémpéli. [1]
- Rizoid yaiku hifané tembus mara jero papan kang ditémpéli lan fungsiné dadi jangkar kanggo nyerot panganan. [1]
- Sprangiofor yaiku hifané tukul ngadeg jejeg ing permukaané papan kang ditémpéli lan duwé sporangium gobuler ing pucuké. [1]
Cara réprodhuksi Zygomicota bisa séksual lan aséksual. [1] Réprodhuksi séksual yaiku nganggo cara konjugasi. [1] Réprodhuksi aséksual yaiku nganggo spora nonmotil kang dikasilaké déning sporangium. [1] Reproduksi seksual Rhizopus iku kaya ngéné:
- pang kang cendhek kang jinisé positip lan pang kang jinisé negatip saka Rhizopus liya ketemu pucuké. [1]
- tukul sekat ing ngisor pucuké hifa[2]
- gamét saka Rhizopus loro iku ketemu lan nggabung dadi zigot[2]
- Zigot dadi Zigospora kang duwé zigosporangium kang duwé lapisan kang kandel kang fungsiné dadi pelindhung[2]
- Zigospora mlebu ing periode dormansi utawa ora nglakokaké aktivitas metabolisme, telung wulan suwéné. [2]
- Zigospora dadi kecambah, ing fase iki Zigospora meiosis lan hifa haploid cendhek tukul. [2]
- Hifa haploid gawé sporangium kang gawé spora aséksual. [2]
- Spora aséksual gawé miselium anyar. [2]
Anggota [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala luar [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
- Zygomycota at the Tree of Life Web Project
- Zygomycetes.org
- List of all Zygomycetes species from Zygomycetes database by PM Kirk in Catalogue of Life 2008
- Cithakan:MeshName
- The Biology Place for BIOLOGY, fifth Edition, http://www.biology.com/campbell link to “Fungi Online”
|
||||||||