Deuteromycota
| Jamur tak sempurna | |
|---|---|
![]() |
|
| Conidiophore of Aspergillus sp. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| Species | |
|
See below. |
|
Deuteromycota iku salah sijiné divisi saka fungi utawa Jamur. Deuteromycota, divisi iki uga dijenengi imperfect fungi utawa jamur kang ora sampurna merga anggota divisi iki isiné iku jamur-jamur kang ora melbu ing divisi liya.[1] Jamur deuteromycota mung ditemukaké ing darat.[2] Jamur ing divisi iki cara reprodhuksiné aséksual, yaiku ngasilaké konidiofor(konodia kang ngasilaké hifa khusus).[2] Jamur divisi Deuteromycota iku sifaté saprofit ing matéri organik. [2] Dadi parasit ing tanduran tingkat dhuwur lan ngrusak tanduran budhidhaya lan tanduran hias. [2] Jamur iki uga dadi penyebab lara kulit dermatomikosis ing menungsa contoné kurap kang disebabaké Jamur Microsporum trichophyton, lan Microsporum epidermophyton. [2] Panu uga disebabaké déning jamur jinis iki yaiku jamur Tinea versicolor. [2] Penyakit sikil atlet uga disebabaké jamur Epidermophyton floocosum. [2] Ing Indonesia jamur saka divisi iki dienggo kanggo gawé oncom saka bungkil kacang kang migunakaké jamur Monilia sitophyla utawa jamur oncom. [2] Jamur Monilia bisa urip ing roti, luwihan panganan, ing suket sing wis kobong. [2] Fase pembiakan végetatif Monilia sp. ditemokaké déning Dodge saka Amérika Sarékat ing taun 1927. [2] Fase pembiakan generatif ditemokaké déning Dwidjoseputro ing taun 1961. [2] Sakwise ngerti dene ana fase generatif ing Monilia sp. Jamur golongan iki melbu mara Ascomycetes lan diganti jenengé dadi Neurospora sitophyla utawa Neurospora crassa. [2]
Anggota [sunting]
Berikut anggota Deuteromycota:
Cathetan Suku [sunting]
Pranala njaba [sunting]
|
||||||||
