Yoko Ono
| Yoko Ono Lennon | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Yoko Ono |
| Génré | avant-garde, rock, pop, electronica, fluxus |
| Pegawéyan | seniwati |
| Taun aktif | 1961–saiki |
| Label | Apple, Geffen, Polydor, Rykodisc, Astralwerks |
| Magepokan karo | John Lennon The Plastic Ono Band |
Yoko Ono Lennon (lair ing Tokyo, Jepang, 18 Februari 1933; umur 79 taun) dheweké musikus lan seniwati kalahiran Jepang, janda John Lennon, sadhurungé karo Lennon dheweké karo Ichiyanagi Toshi watara taun 1956-1963, lan Anthony Cox watara taun 1963-1969, jeneng aasliné Yōko Ono (小野 洋子 Ono Yōko?), Yoko Ono kuwi aktris lan musisi kang asalé saka Jepang. [1] Dheweké kondhang dadi bojoné musisi kang legendaris saka Inggris, John Lennon, kang ninggal yuswa amarga peluru kang ditembakaké dening panggemaré sawisé balik rekaman bareng karo Yoko.[1] Yoko saiki dadi warga masarakat kang kewarganegaraané Amerika lan urip ning kana, sering kali tampil bebarengan karo John Lennon ning albumé, uga sering ngrilis album solo.[1] Ora namung ngasilaké sajumlah tulisan kang akiré dibukukaké.[1] Saiki Yoko mulai nyoba nggeluti acara sosial, politik lan uga sering tampil dadi bintang tamu ning acara-acara, kayata acara Mad Abaout You.[1]
Taun 2010, Yoko milai nguripaké maneh grup musik Plastic Ono Band, grup musik iki diuripaké maneh ning konser panghormatan kang digelar ning Brooklyn Academy of Music.[2] Pertunjukan mau kuwi proyek dening Yoko karo anaké, Sean Lennon.[2] Ning acara mkonser kuwi, diundhang uga bintang tamu kondhang, kayata Eric Clapton, Paul Simon lan Bette Middler.[2] Grup musik Plastic Ono Band kuwi grup musik kang dibentuk dening Yoko karo John Lennon, ning grup musik kuwi sakloron ngrekam lagu kang judulé Give Peace a Chance nalika taun 1969.[2] Karo para anggota saka grup musik kasebut, kayata Klaus Voorman lan Jim Keltner.[2]
Kanggo nguripaké grup musik kasebut, Yoko nggelar pentas kang pisanan, dibuka karo akapela, nuli diiringi karo musik rock saka band kang ngiringi karo irama funk.[2]Pentas kang kaping loroné, meski tanpa latihan sadurungé grup musik iki tetep bia anggawe panonton seneng.[2] Artis kang kalibat ning acara kasebut yaiku, Scissor Sister, Justin Bond, sarta Kim Gordon lan Thurston Moore saka Sonic Youth, nyanyikaké laguné Yoko.[2] Midler nyanyikaké tembangan kang judulé Yes, I'm Your Angel tetembangan kang ditulis Yoko kanggo John Lennon nalika ngerasa gelisah nginjak umur 40.[2] Tetembangan John Lennon kanggo Yoko Ono, judulé Oh Yoko versi Gene Ween kang dimainaké karo Sean Lennon.[2]