Vietnam Lor
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Républik Démokratik Vietnam (RDV) (basa Vietnam: Việt Nam Dân Chủ Cộng Hòa), biasa ditepungi minangka Vietnam Lor, iku sawijining negara sing didegaké déning Ho Chi Minh lan diakoni déning Républik Rakyat Cina lan Uni Sovyèt taun 1950. Sawisé kakalahan Prancis jroning Paperangan Dien Bien Phu nalika taun 1954, Prancis sacara resmi ngakoni kadhulatan negara kasebut lan negara iku banjur kapecah dadi loro; sijiné manèh Vietnam Kidul.
Sawisé pamecahan kasebut, akèh warga ing Lor sing mlayu menyang Kidul, akèh-akèhé saka wong mau iku umat Katulik sing ngeklaim yèn pamaréntah Lor duwé kawicaksanan sing ora adil marang pameluk agama kasebut.
Ibu kutha Vietnam Lor ana ing Hanoi lan dipréntah déning pamaréntahan komunis sing éntuk dhukungan saka Uni Sovyèt lan Républik Rakyat Cina. Kaloro negara iki mbiyantu Vietnam Lor nalika dumadiné Perang Vietnam nglawan Amérika Sarékat lan Vietnam Kidul.
Sawisé tibané pamaréntah Vietnam Kidul tanggal 30 April 1975, kaloro negara iki sacara resmi manunggal nalika tanggal 2 Juli 1976 dadi sawijining negara kanthi jeneng Républik Sosialis Vietnam utawa sing biasané ditepungi minangka Vietnam.
