Hanoi
| Hanoi Hà Nội |
|
|---|---|
| — Kota otonomi — | |
| Searah jarum jam dari kiri: Menara Turtle di Danau Hoan Kiem, di pusat kota Hanoi; Ho Chi Minh Mausoleum; Hanoi Opera House; senja hari di Red River dari Long Bien Bridge; Temple of Literature; One Pillar Pagoda | |
| Letak provinsi di Vietnam | |
|
[[file:Cithakan:Location map Vietnam|240px|Hanoi is located in Cithakan:Location map Vietnam]]<div style="position: absolute; z-index: 2; top: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; left: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; height: 0; width: 0; margin: 0; padding: 0;">
[[File:Cithakan:Location map Vietnam|6x6px|Hanoi|link=|alt=]]
<div style="font-size: 90%; line-height: 110%; z-index:90; position: relative; top: -1.5em; width: 6em; Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi">Hanoi |
|
| Coordinates: 21°2′0″N 105°51′00″E / 21.033333°N 105.85°EKoordinat: 21°2′0″N 105°51′00″E / 21.033333°N 105.85°E | |
| Negara | |
| Kota utama | Hanoi |
| Dibentuk, Ibu kota Kerajaan Đại Việt | 1010 |
| Ibu kota Vietnam | 2 September 1945 |
| Distrik | 29 |
| Pamaréntahan | |
| • Sekretaris Partai | Ngo Thi Doan Thanh |
| • Presiden Konsil Rakyat | Nguyen The Thao |
| • Presiden Komite Rakyat | |
| Wewengkon | |
| • Kota otonomi | 3.344,7 km2 (12,914 sq mi) |
| • Urban | 186,22 km2 (7,190 sq mi) |
| Populasi (2009) | |
| • Kota otonomi | 6.500.000 |
| • Urutan | ke-2 di Vietnam |
| • Kapadhetan | 0.00.019/km2 (0.0.005/sq mi) |
| Zona wektu | ICT (UTC+7) |
| Website | hanoi.gov.vn |
Hanoi (Basa Vietnam: Hà Nội), prakiran populasi 3.500.800 jiwa (1997), iku ibukutha Vietnam lan biyèné ibukutha Vietnam Lor saka taun 1954 tekan taun 1976. Kutha iki ana ing sisih tengen Kali Merah. Indhustri sing diasilaké Vietnam yaiku peralatan mesin, plywood, tèkstil, kimia lan rajutan tangan.
Hanoi dadi ibukutha Vietnam nalika abad kaping-7. Jenengé sing asalé saka basa Mandarin, Đông Kinh, dadi Tonkin lan dipigunakaké bangsa Eropah marang saindhenging wilayah Vietnam. Hanoi dijajah Prancis taun 1873 lan dipasrahké sepuluh taun sabanjuré. Hanoi dadi ibukutha Indochina Prancis sawisé taun 1887.
Hanoi dijajah Jepang taun 1940, lan dibebasaké taun 1945, nalika dadi pusat pamaréntahan Vietnam. Saka taun 1946 tekan taun 1954, Hanoi dadi papan perlawanan sengit antarané Prancis lan tentara Vietnam. Wiwit wektu iku, Hanoi dadi ibukutha Vietnam Lor.
Sakwéné Perang Vietnam sarana transportasi Hanoi kaganggu déning pangeboman kreteg lan rèl sepur, nanging kanthi cepet bisa didandani. Sawisé perang rampung, Hanoi dadi ibukutha kabèh wilayah Vietnam nalika Vietnam bagéyan Lor lan Kidul manunggal tanggal 2 Juli 1976.
Ing kutha Hanoi ana Universitas Nasional Vietnam (biyèné Universitas Hanoi), mausoleum Ho Chi Minh, Museum Sejarah Nasional, Museum Revolusi lan sapérangan monumèn sajarah.