Témbok Raseksa Cina
| Tembok Raksasa Cina | |
|---|---|
|
Peta Jalur Tembok Raksasa Cina (Map) |
|
| General information | |
| Type | Fortification |
| Country | |
| Construction started | 5th century BC |
| Technical details | |
| Size | 88.518 km (55,003 mi)</noinclude> |
| Other dimensions |
|
| Cithakan:Designation list | |
| Pitu Kaajaiban Donya Kuna |
|---|
Témbok Raseksa Cina utawa Témbok Besar Tiongkok (Hanzi tradisional: 長城; Hanzi prasaja: 长城; pinyin: Chángchéng), uga dikenal ing Tiongkok kanthi jeneng Tembok Raseksa 10.000 Li¹ (萬里長城; 万里长城; Wànlĭ Chángchéng) arupa bangunan paling dawa sing naté digawé manungsa, dumunung ing Republik Rakyat Cina. Dawané ana 6.400 kilomèter (saka kawasan Sanhai Pass ing sisih wétan nganti Lop Nur ing sisih kuloan) lan dhuwuré 8 mèter kanthi angkah kanggo nyegah serbuan bangsa Mongol saka lor ing jaman semana. Amba bagéyan dhuwuré 5 m, d'ené bagéyan ngisor 8 m. Saben 180-270 m digawé menara pengintai. Dhuwur menara pengintai kasebut 11-12 m.
Kanggo gawé témbok raseksa iki, mbutuhaké wektu atusan taun. Wiwitané dikira Qin Shi-huang sing miwiti pembangunan témbok iku, nanging miturut panelitèn lan cathetan literatur sajarah, témbok iku wis digawé sadurungé Dinasti Qin madeg, persisé dibangun pisanan ing Zaman Negara-negara Berperang. Kaisar Qin Shi-huang nerusaké pembangunan lan ngukuhaké témbok sing wisdibangun sadurungé.
Sapungkuré Qin Shi-huang, pembangunan témbok iki mandheg lan lagi diwiwiti manèh ing zaman Dinasti Sui, pungkasan diterusaké ing zaman Dinasti Ming. Wangun Témbok Raseksa sing saiki yakuwi asil pembangunan saka zaman Ming mau. Bagéyan jero témbok isi lemah sing campur bata lan watu. Bagéyan dhuwuré digawé dalan utama kanggo pasukan nunggang jaran.
Témbok Raseksa Tiongkok dianggep minangka salah siji saka Pitu Kaajaiban Donya. Ing taun 1987, bangunan iki dilebokaké jroning dhaptarSitus warisan donya UNESCO.
Cathetan [sunting]
¹ 10.000 li = 5.760 km. Jroning basa Mandarin, gunggung 10.000 biasané sacara figuratif dianggep minangka "ora winates", saéngga angka kasebut sabeneré ngandhut makna "témbok sing dawané ora winates".
Pranala jaba [sunting]
- (en) Great Wall of China
- (en) Great Wall of China & Volunteer of Great Wall
- (en) "Great Wall visible in space photo", BBC News