Skala Mohs
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Skala Mohs yakuwi sawijining skala pangukuran kang dipigunakaké kanggo ngukur tingkat kakerasan (atos empuké) sawijining mineral. Skala iki ditemokaké déning mineralogis Jerman, Friedrich Mohs taun 1812. Mohs ndèfinisèkaké 10 tingkatan kakerasan mineral, kang wektu kuwi wis ditemokaké kabèh kajaba watu permata. Skala iku nuduhaké 1 kanggo kang "paling empuk" lan 10 kanggo kang "paling atos". Kakerasan sawijining bahan diukur kanthi golèk bahan paling atos kang bisa digorès déning bahan kang diukur, lan/utawa bahan paling empuk kang bisa nggorès bahan kang diukur. Contoné, yèn sawijining bahan bisa digorès déningapatit nanging ora bisa digorès déning fluorit, tingkat kakerasan bahan kasebut ing skala Mohs yakuwi 4,5.
Tabel ing ngisor iki nuduhaké perbandingan karo kakerasan mutlak kang diukur nganggo sklerometer.
| Skala | Mineral | Kakerasan mutlak |
|---|---|---|
| 1 | Kapur
(Mg3Si4O10(OH)2) |
1 |
| 2 | Gipsum (CaSO4·2H2O) | 2 |
| 3 | Kalsit (CaCO3) | 9 |
| 4 | Fluorit (CaF2) | 21 |
| 5 | Apatit
(Ca5(PO4)3(OH-,Cl-,F-)) |
48 |
| 6 | Ortoklas Feldspar (KAlSi3O8) | 72 |
| 7 | Quartz (SiO2) | 100 |
| 8 | Topaz (Al2SiO4(OH-,F-)2) | 200 |
| 9 | Korundum (Al2O3) | 400 |
| 10 | Watu permata (C) | 1500 |
Ing skala Mohs, kuku nduwèni biji 2, koin tembaga duwé biji 3, péso 5, kaca 5,5 lan wesi 6,5. Sawijining tabel alternatif dikenalaké kanggo ngakomodir bahan-bahan tambahan kang ing tabel lawas duwé angka kakerasan ing antarané 2 nilai.
| Kakerasan | Bahan utawa mineral |
|---|---|
| 1 | Kapur |
| 2 | Gipsum |
| 2,5 - 3 | Emas, Perak |
| 3 | Kalsit, koin Tembaga |
| 4 | Fluorit |
| 4 - 4,5 | Platina |
| 4 - 5 | Wesi |
| 5 | Apatit |
| 6 | Ortoklas |
| 6,5 | Pirit wesi |
| 6 to 7 | Kaca, silika |
| 7 | Quartz |
| 7 ke atas | Baja |
| 8 | Topaz |
| 9 | Korundum |
| 10 | Garnet |
| 11 | Fused zirkonia |
| 12 | Fused alumina |
| 13 | Silikon karbida |
| 14 | Boron karbida |
| 15 | Watu permata |