Sajadah
Sajadah yaiku alas kang digunakaké kanggo salat, wujudé karpet lan sakpanunggalané ukuran cilik, kurang luwih 80 x 120 cm.[1] Sajadah kuwi digawe saka bahan karpet.[2] Sajadah nduwéni manéka ukuran lan werna.[2] Manéka ukuran sajadah ana telung ukuran.[2] Kaping pisan ukuran meteran biyasané kanggo masjid, kaping loro ukuran sedheng utawa sakukuran kanggo wong siji lan kaping telu ukuran cilik kanggo bocah cilik.[2] Sakjane bahan-bahan kang digunakaké kanggo gawé sajadah padha ananging bahan kanggo gawé sajadah bocah cilik iku biyasané saka kain flannel. [3] Kain flannel iku bahané alus, ora gampang luntur, kepénak digunting, bisa dijait, dilém katimbang kain-kain liyané.[3] Kain flannel uga nduwèni mligine kain kang béda karo liyané yaiku bab manéka werna kayata ana werna abang, kuning, ijo,ungu, klawu, abang enom lan ireng.[3].
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)http://www.artikata.com/arti-348622-sajadah.html (diundhuh tanggal 3 September 2011)
- ^ a b c d (id)http://www.hjkarpet.com/karpetmeter/index.php?option=com_content&view=article&id=2&Itemid=18 (diundhuh tanggal 5 September 2011)
- ^ a b c (id)http://bisnisukm.com/potensi-besar-bisnis-sajadah-anak-anak.html (diundhuh tanggal 22 September 2011)