Pussycat Dolls
| Pussycat Dolls | |
|---|---|
| Informasi latar wuri | |
| Uga misuwur minangka | PCD, The Dolls |
| Asal | Los Angeles, California, AS |
| Genre | R&B, Pop, Dansa |
| Taun aktif | 2003–2010 (grup musik) |
| Label | Polydor, A&M, Interscope |
| Associated acts | Eden's Crush, Girlicious, Paradiso Girls, Busta Rhymes, Timbaland, A.R. Rahman, Black Eyed Peas, Will.I.Am, Snoop Dogg, Rodney "Darkchild" Jerkins, Missy Elliott & Robin Antin |
| Situs wèb | www.pcdmusic.com |
| Past members | |
| Carmit Bachar (1995 - 2008) Kaya Jones (2003-2005) Asia Nitollano (2007) Ashley Roberts Kimberly Wyatt Jessica Sutta Nicole Scherzinger Melody Thornton |
|
Pussycat Dolls, grup musik pop uga kelompok tari kang asalé saka Amerika Serikat, Pussycat Dolls awalé kuwi kelompok dancer kang dibentuk dening koreografer Robin Antin ning 1995-an.[1] Pussycat Dolls sempet ngenalaké jeneng tenar, kayata Carmen Electra, Christina Aguilera, lan Christina Applegate sadurungé ana casting ulang kanggo anggawé kelompok vokal ning taun 2003.[1]
Kelompok dancer Pussycat Dolls mulai tampil ning panggung awit taun 1995 karo nampilaké bintang tamu penyanyi kang akehé nggawakaké tetembngan saka taun 1950 utawa 1960-an.[1]
Sekitar taun 2003, grup iki berevolusi dadi kelompok vokal kang wektu kuwi dianggotani dening Nicole Scherzinger, Carmit Bachar, Kimberly Wyatt, Ashley Roberts, Jessica Sutta, lan Melody Thornton.[1]
Awit taun 2005 nganti taun 2007 pra kurang saka 14 panghargaan saka Billboard, MYX, MTV, K-Zone, lan Vh1 wus tau dicekel karo Pussycat Dolls.[1] Meski nembé anduweni 2 studio album, PCD lan TO THOSE WHO WAIT, kayané posisi Pussycat Dolls ning dunya musik wus kuat.[1] Karo formasi akiré Nicole Scherzinger, Melody Thornton, Jessica Sutta, Ashley Roberts, lan Kimberly Wyatt akiré dikabaraké lagi shooting video clip When I Grow Up ning sadawané Hollywood Boulevard ning awal Juni.[1]
Taun 2009, Grup band Pussycat Dolls dijadwalaké tampil ning Istora Senayan, Jakarta.[2] Konser kuwi dianakaké dalam rangka tur dunia Dolls Dominatiaon World Tour 2009.[2] Ning acara jumpa pers sadhurungé konser kuwi dilaksanakaké Kimberly Wyatt menehi nngerti menawa Jessica Sutta ora bisa hadir amarga lagi lara alan ora bisa teka ning Jakarta.[2]
Grup musik iki dimotori dening Nicole Prescovia Elikolani Valiente Schezinger, kalairan Honolulu, penyanyi, pencipta lagu uga penari.[2] Pussycat Dolls kang sering uga disebut PCD utawa The Dolls, ngrilis album ning taun 2005.[2] Sukses ngeraih Grammy Award amarga single kang judulé Dont Cha, Buttons lan Stickwitu.[2] Ning taun 2008, grup musik iki ngrilis kang judulé DOLL DOMINATION karo tembangan andalanné hits When I Grow Up, I Hate This Part, Jai Ho! (You Are Mydestiny)[2]