Prambors
Prambors yaiku salah sijiné stasiun radhio kang sasarané kaum muda Ing Indonésia.[1] Jeneng jangkep Prambors yaiku Prambors Rasisonia singkatan saka Prambanan, Mendut, Borobudur dan sekitarnya (Prambors) lan Radhio Siaran Sosial Niaga (Rasisonia).[1]
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Wiwitane Prambors iku radhio sing digawe dening saklompok nom-noman sing nembe bisa dirungokake ing sak perangan panggonan ana Jakarta, yaiku Prambanan, Mendut, Borobudur lan sekitare.[2] Rikala semono anggotane Prambors yaiku Imran Amir, Mursid, Rustam, Malik Sjafei, Bambang Wahyudi, lan Tri Tunggal.[2] Para anggota mau ngrasa perlu ngewenehi Prambors pemancar radhio.[2] Banjur dheweke kabeh ngrakit transmiter sederhana lan kabeh ubarampe kang dibutuhake ana ing kamare Bambang Wahyudi.[2] Amerga biyen durung ana kaset utawa tape, mula yen muter lagu nganggo piringan hitam.[2] Tahun 1970, pamarintah ngentokake aturan anyar, ngenani radhio yaiku saben radhio kang nduweni badan hukum kudu bentuke Perseroan Tebatas (PT) utawa perkumpulan.[2] Prambors netepi aturan kuwi, saengga jenenge dadi PT Radhio Prambors Broadcasting Service.[2] Rikala tahun 80-an jeneng kuwi diowahi meneh dadi PT Radhio Prambors.[2] Alon-alon, jebul Prambors wis nduwe komunitas pendengar kang akeh-akehe cah nom. Lagu-lagu lan materi siaran uga dipasake marang sing ngrungokake.[2] Wiwit tahun 1971 nganti 1978, Prambors uga saya manteb ana ing jurusan cah nom, sing rikala semono durung nduwe saingan.[2] Produk Prambors saya akeh, wiwit saka kaset kompilasi nganti acara off air Lomba Cipta Lagu Remaja (LCLR) kang sukses.[2] Ana ing jaman 80-an, Prambors mulai ndhandhani awake dhewe amerga rikala semono wis krasa ana saingan karo stasiun radhio liya.[2] Salah sijining usaha supaya tetep njaga komunitas pendengar yaiku mawa games.[2] Kuis kang dikembangake akeh jinise, karo hadiah kang pas kuwi lumayan sensasional, misale mobil.[2] Sakliyane kuis, ing mangsa 90-an mulai ana acara-acara anyar, kayata Catatan si Boy, Diary, uga acara off air kaya Tenda Mangkal, Prambors Nite. [2]Komunitas pendengar Prambors saya suwe saya gedhe, mligine disengkuyunh dening pembenahan kualitas audione kang dipindah menyang jalur FM 102.3 ing tahun 1987.[2] Amerga ana penataan ulang kabeh frekuensi kang ditokake dening Departemen Perhubungan, wiwit 1 Agustus 2004 Prambors malih frekuensi sing biyene FM 102.3 dadi102.2.[2] nganti saiki, Prambors ana ing 8 kutha ing Indonesia, yaiku:
- Prambors Jakarta 102.2 FM
- Prambors Bandung 98.4 FM
- Prambors Semarang 102 FM
- Prambors Solo 99.2 FM
- Prambors Yogyakarta 95.8 FM
- Prambors Surabaya 89.3 FM
- Prambors Medan 97.5 FM, dan
- Prambors Makassar 105.1 FM.[2]
SI JABRIK [sunting]
Prambors nduweni logo kang raket banget karo jeneng Prambors. Logo kuwi wujude wajah wong wadon kang rambute kriting, gambar vinyet.[3] Wong-wog ngarani “Si Jabrik”.[3] Pisanane logo Prambors metu mung angger nggawe gambar templek kang tulisane “Prambors”.[3] Ora padha, ora masalah.[3] Nanging rikala Prambors kudu dadi badan usaha, pas kuwi kepikiran Prambors kudu nduwe logo.[3] Ceritane ana salah sijine sampul almbum kelompok musik saka Belanda –The Ekseption- kang gambare apik.[3] Gambare kira-kira arep padha karo logo “si Jabrik” saiki.[3] Supaya ora dikira njiplak tenanan, gambare diowahi sitik.[3] Gambar wong wadon kuwi digawe ndhingkluk.[3] Sing ngowahi gambar kuwi yaiku salah sijine penyiar Prambors, Wimi.[3]
Logo “Si Jabrik” mulai dianggo tahun 1969, pas Prambors awujud yayasn.[1] Wong wadon kriting iki saya disenengi, nganti akeh sing niru lan dipasang ana kaca mobil.[1]
tahun 1980-an, ukurane “Si jabrik” digawe luwih cilik, mung ana ing jero huruf O saka tulisan Prambors, nanging, logo iki tau ilang rikala Prambors ngenalake gambar templek kuning “102.3 Fmania”.[2] Rikala Prambors nggenti logone dadi bentuk biru oval ditambahi lis werna ireng, si Jabrik ora dikatutkake.[3] Banjur ing tahun 2001, logo si Jabrik metu meneh.[3] Gumregut gerakan retro ana Prambors tetep ndadekake mawa sing paling apik saka luwih saka 40 tahun kepungkur.[3]
Program unggulan [sunting]
- Warung Kopi alias Warkop
- Prambors Discotheque
- Lomba Cipta Lagu Remaja alias LCLR
- Playboy Kabel
- Memory Song
- Catatan Si Boy
- Porsi Kamu
- Sersan Prambors
- Kuis Dan Gan Sensation
- Prambors Nite
- Prambors Cafe
- Tenda Mangkal
- Prambors Wow Mania
- Saturday Blast
- Prambors Piknik
- Balada Cinta Ramadhan
- Power of Putih Abu-Abu alias POPA
- Putuss
- Kumpul Kribo
- Nubuzz
- Copywriter's Ball
- Riot on Air
- 2nd Wave
- Panda Berkokok
- Cowok Tulen (Prambors Makassar)
- The Sofa (Prambors Makassar)
Pambiwara (DJ) sing kondhang [sunting]
- Dono
- Kasino
- Indro
- Sys NS
- Pepeng
- Nana Krip
- Jimmy Gideon
- Irfan Ihsan
- Arlingga "Angga" Panega
- Fla Priscilla
- Kak Seto
- Krisna Purwana
- Ida Arimurti
- Rebecca Tumewu
- Ariono Arifin
- Muthia Kasim
- Erwin Parengkuan
- Ferdi Hasan
- Venna Anissa
- Nicholas Saputra
- Arie Dagienkz
- Desta
- Veronica Felicia Kumala
- Asri Poeraatmadja
- Putri Suhendro
- Epri
