Pistul
Pistul yaiku senjata api kang bisa ditembakaké nganggo tangan siji.[1] Tembung pistul digunakaké kanggo nggambaraké sanjata geni kang digegem nalika abad kaping 18. [1]Ing abad 15 pistul tegesé péso cilik kang bisa didelikaké ing sandhangan.[1] Pistul dipérang dadi rong jinis yaiku révolver kang biyasané nggunakaké kamar peluru kang muter.[1] Saliyané iki diarani pistul biyasa yaiku pistul kang kamar pluruné dadi siji karo laras.[1] Pistul nggunakaké kalibèr pluru kang nduwéni variasi wiwit .22 nganti .50 cal.[1]
Pistul semi otomatis [sunting]
Pistul semi-otomatis modhèrn nggunakaké magazen kanggo nyimpen pelurune.[1] Pistul iki wis nggantékaké pistul revolver kang dianggo ing militèr lan kapulisèn modern.[1] Pistul semi-otomatis nduwèni kapasitas ruang pluru kang gedhé. Kapasitas iki nganti 20 pluru kanthi tipe tinamtu.[1] Pistul iki sacara otomatis bakal ngetokaké pluru saka kamar peluru, banjur njupuk peluru anyar saka magazen.[1] Iki dilakokaké kanthi nggunakaké energi kang diasilaké saka mbledhosé peluru utawa rekoil.[1] Peluru kang mbledhos bakal ngobahaké sistem gas kanggo nyurung hammer, lan bagéyan ndhuwur pistul.[1] Bagéyan iki bakal kasurung memburi.[1] Nalika bagéyan iki obah memburi, pluru bakal maju ing kamar pluru lan peluru anyar bakal mlebu lan ngisi kamar pluru saka magasèn.[1]
Pistul otomatis [sunting]
Pistul otomatis utawa diarani Pistull mesin (machine pistol), yaiku pistul kang bisa némbak kanthi otomatis.[2] Pistul iki kalebu pistul kang arang dianggo karo satuan kapulisèn.[2] Pulisi biyasané nganggo submachine gun (pistul mitraliur), awit pistul mesin angèl dikontrol lan kurang pas sasaran.[2] Akèh-akèhé pistul mesin nduwèni aksésori tambahan kanggo ningkataké kerjané kayata peredham swara (sound suppressor), perpanjangan magasèn, cekelan ngarep, lan popor bahu.[2] Pistul otomatis contone yaiku seri MAC-10 lan MAC-11 kang digawé Amérika lan seri Uzi gawéyan Israèl.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.