Perdhana Mentri
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Wangun pamaréntahan |
|---|
|
Sèri iki minangka bagéan saka |
| Portal Pulitik • edit |
Perdhana mentri yaiku ketua mentri[1] utawa sawenèh uwong sing ngepalani sawijining kabinèt ing sawiji negara ing sistem parlemèntèr. Biasané dijabat déning politikus, senadyan ing sawetara negara, perdhana mentri dijabat déning militèr. Ing sawetara sistem, perdhana mentri nduwèni hak milih lan ngganti anggota kabinèté, lan mènèhi alokasi jabatan kasebut marang wong sing dipilih.
Perdhana mentriingi Indonésia [sunting]
Deleng uga: Dhaptar Perdhana Mentri Indonésia
Indonesia naté nduwèni jabatan perdhana mentri, diwiwiti saka Kabinèt Sjahrir I sing diketuani déning Sutan Syahrir ing tanggal 14 November 1945, lan dipungkasi déning Kabinèt Djuanda ing tanggal 10 Juli 1959 sing dipimpin déning Djuanda Kartawidjaja kanthi kawedharé Dhekrit Presidhèn 5 Juli 1959.
Rujukan [sunting]
- ^ Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka, 1994. ISBN 979-407-182-X.