Perawan Remaja dalam Cengkeraman Militer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Perawan Remaja dalam Cengkeraman Militer iku sawijining buku karangané Pramoedya Ananta Toer kang dibabar kapisanan déning Kepustakaan Populer Gramedia ing taun 2001. Nganti taun 2011, buku iki wis dicithak kaping pitu.[1]

Rèng-rèngané buku iki ditulis nalika Pramoedya isih ing pambuwangan ing Pulo Buru.[2] Ing taun 2000, dhèwèké lunga menyang Jepang saperlu nampa pengaji utama The Fukuoka Asian Culture Prize kang kaping 11. Lungané menyang Jepang iki kang njalari Pramoedya éling marang ketikan buku kang irah-irahan asliné "Perawan Remaja" iki.[3]

Wujud isiné dudu novèl kaya lumrahé karangané Pramoedya, nanging kumpulan cathetan babagan para wanita Indonésia kang didadèkaké batur tukon sèks déning prajurit Jepang nalika jaman Perang Donya II. Satemené ora mung wong wadon saka Indonésia kang didadèkaké batur tukon sèks, nanging uga saka nagara-nagara liya kaya Koréa, Cina, lan Taiwan[4]. Jalaran isih sithik banget tulisan kang nyaritakaké kusus kadadéan kang dilakoni para batur tukon sèks saka Indonésia, Pramoedya ngrasa prelu nulis buku iki. Cathetan-cathetan ing jeroné iki kasil panggolèkané Pramodya dhéwé lan cathetan-cathetan saka kanca-kancané kang nemoni tilas batur tukon sèks kuwi ing Pulo Buru.[5] Buku iki ditujokaké kanggo nambah kawruh sajarah Indonésia.[3]

Ringkesan isi[besut | besut sumber]

Buku iki dibukak kanthi carita kang mratélakaké kaanan ing mangsa Perang Donya II kang miwiti butuhé prajurit Jepang marang batur tukon sèks saka Indonésia. Ing pérangan sabanjuré, Pramoedya nuturi para prawan jaman saiki supaya ngerti kabejané urip ing jaman mardika lan miwiti carita nelangsa saka jaman Jepang. Ing jaman semana, para prawan diapusi dikon mangkat menyang Jepang supaya bisa nerusaké pawiyatan. Apus-apusan iki metuné saka angkatan perangé Jepang lan diterusaké menyang désa-désa déning para pangrèh praja. Babagan kang ndadèkaké nyalawadi ya iku ora anané wara-wara resmi saka kantor angkatan perang jepang ngenani pawarta iki, dadi mung sas-sus. Akèh prawan saka Jawa kang seneng mèlu program apus-apusan iki, mligi putrané para among praja jalaran wong tuwané kudu mènèhi tuladha marang wong-wong liya supaya padha gelem mèlu. Pramoedya banjur mbabar cathetan akèhé prawan kang digawa Jepang saka pirang-pirang kutha.

Ing bab-bab saterusé, Pramoedya nyaritakaké lakoné prawan-prawan saka manéka kutha kuwi mau dhedhasar carita utawa cathetané kanca-kancané lan cathetané dhéwé. Ing punjul saparo pérangan kang mburi, isiné dimligèkaké kanggo cathetan saka prawan-prawan kang kèri ing Pulo Buru. Carita cara uripé wong Suku Alfuru uga akèh dibabar ing bab kang pungkasan.

Kutha-kutha asalé para prawan ing carita[besut | besut sumber]

Ing sajeroning buku Perawan Remaja dalam Cengkeraman Militer, disebutaké pirang-pirang kutha kang mèlu nyumbang prawan kanggo prajurit Jepang. Kutha-kutha kuwi ya iku:

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Perawan Dalam Cengkeraman Militer". Goodreads. Dibukak ing 2017-06-04.
  2. Nurawi, Muhamad Syahril (7 Mèi 2016). "Makalah Sosiologi Pengarang". Syahril Nurawi. Dibukak ing 03 Juni 2017. {{cite web}}: Check date values in: |access-date= (pitulung)
  3. a b 1925-2006., Toer, Pramoedya Ananta, (2001). Perawan rumaja dalam cengkeraman militèr. Kepustakaan Populer Gramedia. ISBN 9799023483. OCLC 47208844.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)
  4. Firman, Tony. "Jugun Ianfu, Budak Wanita di Masa Penjajahan Jepang". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2017-06-04.
  5. Setiyono (2013). "CITRA PEREMPUAN DALAM NOVEL PERAWAN REMAJA DALAM CENGKERAMAN MILITER KARYA PRAMOEDYA ANANTA TOER". Media Prestasi. 11: 37. Diarsip saka sing asli ing 2017-08-26. Dibukak ing 2017-06-04.