Pulo Buru
Pulo Buru iku salah siji pulo gedhé ing Kapuloan Maluku. Jembaré 8.473,2 km², lan dawané garis pantai 427,2 km, Pulo Buru ana ing urutan katelu sawisé Pulo Halmahera ing Maluku Lor lan Pulo Seram ing Maluku Tengah. Sacara umum Pulo Buru arupa pabukitan lan pegunungan. Puncak palin dhuwur nganti 2.736 m dhuwuré.
Pulo iki misuwur minangka Pulo pengasingan tumrap para tahanan pulitik ing jaman pamaréntahan Soeharto.
[sunting] Demografi
Miturut data BPS ing taun 1997, cacahing pedunung Pulo Buru ana 105.222 jiwa. Wektu kuwi Buru dumadi saka telung kecamatan, yaiku Buru Lor-kulon kanthi ibu kutha kecamatan ing Air Buaya, Buru Lor-wétan kanthi ibu kutha kecamatan ing Namlea lan Buru Kidul kanthi ibu kutha kecamatan ing Leksula. Katelu kecamatan mau dumunung ana ing wilayah Kabupaten Maluku Tengah sing ibukuthané ing Masohi, Seram. Komposisi pedunung miturut agama taun 1997: 48% Islam, 41% Kristen lan 11% liya-liya.
Ana sawetara klompok etnis sing manggon ing Buru: etnis asli, yakuwi Buru (ing tlatah pesisir lan ing pedalaman); lan etnis saka jaba, yakuwi Ambon, Maluku Tenggara (utamané Kei), Ambalau, Kep. Sula (utamané Sanana), Buton, Bugis, Jawa (utamané ing dhaerah pemukiman transmigrasi). Ora diweruhi data ngenani komposisi pedunung miturut etnis.