Perang Goth
| Perang Goth | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Bagéan saka Perang penaklukan kembali Justinianus I | |||||||||
|
|||||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||||
| Kekaisaran Bizantium | Ostrogoth, Franka |
||||||||
| Komandhan | |||||||||
| Belisarius, Mundus, Narses, Germanus, Liberius |
Theodahad, Vitiges, Ildibad, Totila, Teia |
||||||||
| Cacahé korban | |||||||||
| Lebih dari 5.000.000 tewas akibat pertempuran, penyakit, lan kelaparan | |||||||||
Perang Goth iku perang kang manggon ana ing Italia lan wilayah-wilayah ing saubengé kaya Dalmatia, Sardinia, Sisilia, lan Korsika wiwit taun 535 nganti tekan taun 554 antarané pasukan Kekaisaran Romawi Timur lan pasukan Kerajaan Ostrogoth.[1] Perang iki dibagi dadi rong fase .[1] Fase pisanan yaiku (535-540) dirampungi kanthi kalahe Ravenna lan penaklukan Italia dening pasukan Bizantium.[1] Fase loro yaiku taun (540/541-553) cirine yaiku perlawanan bangsa Goth kang dikobarke meneh dening Totila.[1] Perlawanan mau nembe bisa dikalahane sakwise perang kang suwi kang dilakokake dening Narses, kang uga bisa nggagalake invasi Franka-Alamanni ana ing taun 554.[1] Yen ta kaya mengkono kutha-kutha ing italia lor iseh terus nrampungake perlawanan nganti tekan taun 560-an.[1] Perang iki diwiwiti dening ambisine Kaisar Justinianus kanggo ngrebut meneh provinsi-provinsi wilayah Kekaisaran Romawi Barat kang ucul mergane ana invasi suku-suku barbar ana ing wiwitan abad sakdurunge (delengen uga Masa Migrasi).[1] Wektu peperangan kang lumayan suwi nyebabake ancure Italia lan mudune populasi Italia saka 7 juta jiwa dadi 2,5 juta jiwa kang dadi akibat saka perang goth mau, keluwen, lan wabah penyakit.[2] Sakliyane kuwi, banda Kekaisaran Bizantium uga kalong.[2] Pungkasane yaiku, Bizantium pra bisa nahan serangan saka bangsa Lombardia ana ing taun 568, kang ngakibatke ucule wilwyah-wilayah ana ing italia.[2]