Justinianus I
| Justinianus I | |
|---|---|
| Kaisar Romawi Timur (Bizantium) | |
| Potret Justinianus ing Basilika San Vitale, Ravenna | |
|
|
|
| Pamaréntahan | 1 Agustus 527 – 14 November 565 (40 taun, 97 dina) |
| Didhisiki | Justinus I |
| Pangganti | Justinus II |
| Garwa | Theodora |
| Asma jangkep | |
| Flavius Petrus Sabbatius Justinianus | |
| House | Justinianus |
| Bapa | Sabbatius |
| Ibu | Vigilantia |
| Miyos | 11 Mei 483 Tauresium, Dardania |
| Tilar donya | 14 November 565 (umur 82) Konstantinopel |
Justinianus I (Basa Latin: Flavius Petrus Sabbatius Justinianus; basa Yunani: Φλάβιος Πέτρος Σαββάτιος Ἰουστινιανός; 483 – 13 utawi 14 November 565), limrahipun dipunmangertosi kanthi asma Justinianus yang Agung, inggih menika Kaisar Romawi Wetan (Bizantium) ingkang nguwasani Bizantium saking taun 527 ngantos 565. [1] Justianus I taksih keponakaanipun Justinus I, tiyang tani saking Thracian ingkang buta huruf, ananging saged minggah drajatipun amargi karier militer ingkang sae saengga saged dados panguwasa kekaisaran Romawi Wetan. [1] Taun 527, Justin I ingkang boten kagungan putra lajeng ngangkat Justianus minangka pembantu kaisar. [1] Wonten ing pungasanipun taun 527, Justin I tilar donya lan Justianus I dipunangkat dados kaisar.[1]
Wonten ing wekdal kekuwasaanipun, Justianus I tansah hambudidaya amrih kajayaanipun kekaisaran lan saged nelukaken malih sisih kilen Kekaisaran Romawi. [1] Panjenenganipun dados salah satunggalipun “tokoh penting” wonten ing abad kuno. [1] Nalika panjenenganipun wiwit dados panguwasa ing Bizantium, dipunwiwiti kanthi “renovation imperii” (restorasi kekaisaran) ingkang ambisius. [1] Amargi raos ambisius menika, Justianus I misuwur kanthi sesebatan "Romawi Terakhir" wonten ing historiografi modern. [2]
Ambisi menika dipunwujudaken kanthi pemulihan sepalih wewengkom Kekaisaran Romawi Kilen, kalebet kutha Roma.[2] Sanesipun menika, wonten ing wekdal kekuwasaanipun Justianus I, wonten panyeratan hokum Romawi Corpus Juris Civilis ingkang taksih dipunginakaken minangka lelandhesan tumrapipun masyarakat ing negari modern.[2] Wonten ing wekdal kakuwasaanipun Justianus I, Bizantium saged dados negara ingkang ngrembaka, lan program-programipun saged mlampah kanthi sae, kados mbangun malih Hagia Sophia ingkang dados pusatipun Ortodoks Wetan.[2] Justianus I dipunanggep minangka santo dening tiyang-tiyang ingkang agamanipun Ortodoks Wetan. Panjenenganipun ugi misuwur ing Gereja Lutheran.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- Buildings karyanipun Procopius wonten ing Basa Inggris.
- The Roman Law Library dening Professor Yves Lassard lan Alexandr Koptev
- Ceramah ngenani 12 penguwasa Bizantium, termasuk Justinianus - dening Lars Brownworth
- De Imperatoribus Romanis. Ensiklopedia Kaisar Romawi Daring
- Rekonstruksi tiang Justinianus ing Konstantinopel
- [http://www.documentacatholicaomnia.eu/30_20_0482-0565-_Flavius_Justinianus_Imperator.html
Cathetan suku [sunting]