Perang Dipanegara
Perang Dipanegara (Basa Inggris:The Java War, Basa Walanda: De Java Oorlog), kuwi perang gedhé lan suwé, yaiku jroning limang taun (1825-1830) kang kedadéyan ing Jawa, Hindia Walanda (saiki Indonésia), antara pasukan panjajah Walanda ing sangisoré pimpinan Jendral De Kock[1] nglawan pedunung pribumi kang dipimpin déning pangeran Yogyakarta kang asmané Pangeran Diponegoro. Jroning perang iki wis akèh banget kang dadi kurban, arupa jiwa lan bandha. Dhokumèn-dhokumèn Walanda kang dikutip para ahli sajarah, nyebutaké yèn watara 200.000 jiwa rakyat kang dadi kurban. Sawetara kuwi ing pihak serdadu Walanda, kurban tewas cacahé 8.000.
Perang Diponegoro minangka salah siji pertempuran paling gedhé kang naté dialami déning Walanda jroning njajah Nusantara. Peperangan iki nglibataké kabèh tlatah Jawa, mula banjur disebut Perang Jawa.
Referensi [sunting]
- ^ Perlawanan Rakyat Indonesia, diakses 9 April 2008
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (id) Mengenang 180 Tahun Perang Diponegoro oleh Yanto.
- (id) Perlawanan Rakyat Indonesia