Osteoarthritis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Osteoartritis
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
ICD-10 M15-ICD-10 Chapter M|M19, ICD-10 Chapter M|M47
ICD-9 715
OMIM 165720
DiseasesDB 9313
MedlinePlus 000423
eMedicine med/1682  orthoped/427 pmr/93 radio/492
MeSH D010003

Osteoartritis (OA, dikenal uga minangka artritis degeneratif, penyakit degeneratif sendhi), yakuwi kondisi nalika sendhi krasa nyeri akibat saka inflamasi ringan sing timbul saka anané gèsèkan pucuking balung panyusun sendhi.

Jroning sawijining sendhi, jaringan balung enom (basa Indonésia: tulang rawan) sing biasa disebut kanthi jeneng ‘’kartilago’’ biasané nutup pucuking balung panyusun sendhi. Sawijining lapisan cuwèran sing disebut cuwèran sinovial dumunung ing antara balung-balung kasebut lan tumindak minangka bahan pelumas sing nyegah ujung-ujung balung kasebut gèsèkan lan silih ngikis antara siji lan sijiné.

Jroning kondisi kakurangan cairan sinovial lapisan kartilago sing nutup ujung balung bakal gèsèkan siji lan sijiné. Gèsèkan kasebut bakal agaw’e lapisan kasebut tansaya tipis lan wusanané bakal nimbulaké rasa nyeri.

Panyebab[sunting | sunting sumber]

Saben wong mesthi naté ngalami nyeri sendhi. Masyarakat awam lan malahan sawetara dhokter (sacara keliru) langsung nganggep disebabaké déning rematik utawa asam urat.Sebagéan manèh mikir akibat osteoporosis. Nanging nyatané panyebab utama nyeri sendhi (khususé sing dialami déning sing umur luwih saka 45 taun) yakuwi osteoartritis. Panyebab osteoartritis werna-werna. Sawetara panelitèn nuduhaké anané hubungan antara osteoarthritis karo reaksi alergi, infeksi, lan invasi fungi (mikosis). Riset liya uga nuduhaké anané faktor katurunan (genetik) sing terlibat jroning panurunan penyakit iki. Sawetara faktor risiko dumadiné osteoartritis yakuwi:

Pangobatan[sunting | sunting sumber]

Rasa nyeri sing diderita déning pendherita penyakit iki bisa dikurangi nganggo manéka cara kaya pengomprèsan utawa panyuntikan cuwèran sinovial ing bagéan sendhi. Pangobatan tumrap pengapuran sendhi béda-béda gumantung stadiumé.

Osteoartritis derajad ringan (stadium 1 lan 2)[sunting | sunting sumber]

terapi non obat antara liya:

  • mudhunaké bobot awak tumrap sing keluwihan
  • latihan nguataké otot pupu lan pinggul kanggo njaga kebugaran awak
  • nganggo knee brance samangsa diperlokaké

terapi obat antara liya:

Osteoartritis derajad abot (stadium 3 lan 4)[sunting | sunting sumber]

Pilihan pangobatan paling apik yakuwi operasi penggantian sendhi. Operasi penggantian sendhi yakuwi operasi sing diayahi kanggo ngganti sendhi sing wis rusak nganggo prostesis.

Pencegahan[sunting | sunting sumber]

Pencegahan osteoartritis bisa diayahi kanthi cara konsumsi makanan sing kebak gizi.Sawetara suplemen panganan uga bisa dipigunakaké kanggo nyegah penyakit iki. Sawetara suplemen sing umum dipigunakaké antara liya glukosamin lan kondroitin.

Glukosamin[sunting | sunting sumber]

Glukosamin iku molekul gula amino sing biasa ana ing kulit krustasea (ulang-ulangan), artropoda, lan dhindhing sel cendawan. Ing Indonesia, glukosamin bisa dijupuk langsung saka suplemen panganan komersial utawa ombènan susu tersuplementasi.

Kondroitin[sunting | sunting sumber]

Kondrotin iku suplemen panganan sing biasa dipigunakaké bebarengan karo glukosamin. Kondroitin iku arupa senyawa rantai gula mawa cawang sing nyususun balung rawan. Ing Indonesia, kondroitin bisa dijupuk langsung saka suplemen panganan.

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Osteoarthritis&oldid=825986"