Osama bin Laden
| Usamah bin Muhammad bin Awwad bin Ladin أسامة بن محمد بن عوض بن لادن |
|
|---|---|
Usamah bin Ladin
|
|
| Lair | 10 Maret 1957 Riyadh, Arab Saudi |
| Tilar donya | 2 Mei 2011 (umur 54) Abbottabad, Pakistan |
| Peparab | Usamah bin Ladin |
| Ditepungi déné | |
| Anggota saka | Al-Qaeda |
Osama bin Laden (lair ing Jeddah, 28 Juni 1957 - tilar donya ing 1 Mei 2011, Abbottabad, Pakistan) iku sawijining tokoh saka Saudi Arabia.[1]Osama lair kanthi asma jangkep Usamah Bin Muhammad bin Awwad Bin Ladin.[2] Osama lair saking palakramanipun ingkang rama kalihan Alia Ghanem.[3]
Bab lan Paragraf |
Pandhidhikan [sunting]
Osama dados mahasiswa wonten ing Universitas King Abdul Aziz Jeddah.[1] Salah satunggal gurunipun inggih menika Sheikh Abdullah Azzam.[1] Abdullah Azzam menika ingkang selajengipun konangan minangka tokoh utama ingkang ndamel memobilisasi dukungan bangsa Arab kanggé kaum Mujahidin ingkang perang klawan pendudukan Uni Soviét marang Afganistan.[1] Osama bin Laden saged ngrampungaken pandhidhikanipun lan dipunwisuda sarjana taun 1979 babagan Ékonomi lan Manajemén.[1]
Riwayat Urip [sunting]
[1] Osama dipunanggep ingkang ndhalangi prastawa 11 Septémber 2001 déning pamaréntah Amérika Sarékat.[1] Wonten ingkang nganggep Osama wirawan (pahlawan) ananging uga kathah ingkang nganggep Osama téroris.[1]Osama menika lare kaping 17 saking 52 sedulur.[4] Bapakipun inggih menikau Mohammad bin laden yaiku petani saking yaman ingkang pindah wonten ing Arab Saudi amargi wonten perang dunia kaping kalih.[4]Osama bin laden miwiti mbangun jaringan komunikasinipun taun 1979 nalika wonten Afganistan nggabung wonten ing milisi perang kaum pejuang Afgan ingang dipunkenal kalihan kaum mujahidin.[4] Wonten ing Arab Saudi osama miwiti usaha enggal wonten ing babagan pembangunan.[4] Nalika remaja Osama gabung kalihan gerakan konservatif baru.[4] Wonten ing gerakan Konservatif baru osama mlebet dateng dinas kepolisian ingkang tugasipun negaken ukum-ukum syariah.[4]
Calon Penerus Osama [sunting]
Saksampunipun Osama pejah sakmenika kathah calon sinten ingkang ngantosi osama wonten ing Al-Qaeda.[5]Nama-nama ingkang dipunsebat badhe dados gantosipun Osama:[5]
Delengen Uga [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h (en)Profile: Osama bin Laden (Dipuntingali tanggal 3 Mei 2011)
- ^ (en)www.anneahira.com (Dipuntingali tanggal 20 Mei 2011)
- ^ (en)www.biography.com
- ^ a b c d e f (en)www.jogang.com
- ^ a b (id)www.tempointeraktif.com