Nidji
| Nidji | |
|---|---|
| Lair | |
| Asal | |
| Génré | Pop |
| Taun aktif | 2002-samenika |
| Label | Musica Studios |
| Magepokan karo | NIDJIholic.com |
| Anggota saiki | |
| Giring Andro |
|
Nidji utawi The Nidji inggih menika grup musik saking Jakarta ingkang personilipun wonten 6 (nem) tiyang ing antawisipun: Giring Ganesha (vokalis), Rama lan Ariel (gitaris), Adrie (drum), Andro (bassis), lan Run-D (kibor). Nidji menika saking tembung Niji ingkang dipunpendhet saking basa Jepang ingkang tegesipun pelangi.[1] Para personil sampun remen lan sarujuk kaliyan konsep nama menika, amargi tembung Nidji saged ngrefleksikaken warni musik ingkang maneka warni sarta benten-benten, ananging saged nyawiji ing satunggal werni musik.[1] Konsep musik Nidji inggih menika modern rock ingkang dipunparingi unsur-unsur sanesipun, kados progresif, funk, alternatif, lan pop. Grup-grup band ingkang boten langsung mengaruhi lan dados inspirasi kaliyan gaya musik Nidji inggih menika L'Arc~en~Ciel, Coldplay, Goo Goo Dolls, U2, Radiohead, Smashing Pumpkins, The Verve, Dave Matthews, The Killers, Keane, lan sanesipun.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Sajarah wiwitanipun band Nidji inggih menika saking kekancan antawisipun Rama lan Andro.[1] Kekancanan ingkang sampun raket menika saged ngrembaka teras ing jagad musik.[1] Salajengipun kaliyan Ariel ingkang sampun nggabung kaliyan Rama lan Andro karipta satunggal lagu kanthi irah-irahan Maria.[1] Ananging lagu menika taksih dereng sampurna lan betahaken vokalis.[1] Salajengipun Rama, Andro, lan Ariel kepanggih kaliyan Giring ingkang salajengipun saged njangkepi lagu Maria minangka vokalisipun.[1][2] Salajengipun Andri mlebet minangka penabuh drum lan Randy mlebet minangka keyboardist.[1]
[sunting] Personil band
- Giring Ganesha (Giring)
- Muhammad Ramadista Akbar (Rama)
- Andi Ariel Harsya (Ariel)
- Muhammad Andro Regantoro (Andro)
- Muhammad Adri Prakarsa (Adri)
- Randy Danistha (Run-D)
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
|
||||||||