Neutrofil

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Cipratan getih nuduhaké granulosit neutrofil, ing endi telu lobus nukleus bisa katon.

Neutrofil (Basa Inggris: neutrophil, polymorphonuclear neutrophilic leukocyte, PMN) yaiku bagéyan saka leukosit saka klompok granulosit. Bebarengan karo loro sèl granulosit liyané, yaiku eosinofil lan basofil kang nduwé granula ing sitoplasma banjur diarani polymorphonuclear amarga nduwé bentuk inti sèl kang anèh. Granula neutrofil awerna abang rada biru kanthi inti sèl kang cacahè telu.

Neutrofil kuwi salah sawijiné jenis leukosit, mliginé kang bentuké granulosit kang isiné pewarnaan butiran netral, kantong-kantong cilik enzim kang mbantu sèl kanggo matèni lan nyerna mikroorganisme sawisé dilek dèning fagositosis.[1] Neutrofil mateng nduwé nukleus kang kapérang dadi ros-ros kang diarani segmen utawa poli, déné neutrofil imatur nduwé nukleus kang bentuké pita kang diarani band. Umuré neutrofil udakara 3 dina.[1] Neutrofil nduwèni sipat fagosit, bentuk inti sèlé manéka werna kanthi bentuk gagang, nglengkung, lan nyabang-nyabang.[2]

Perbandhingan leukosit saka neutrofil padatan nganti 50-60%. Sumsum balung normal wong déwasa bisa ngasilaké paling ora 100 miliar neutrofil ing wektu sedina lan bisa mundhak tikel sepuluh yèn kadadéyan inflamasi akut. Sawisé ucul saka sumsum balung, neutrofil bakal ngalami enem prosès morfologis, yaiku mielocit, metamielocit, neutrofil non segmen (band), lan neutrofil segmen. Neutrofil segmen minangka sèl aktif kanthi kapasitas kebak kang ngandhut granula sitoplasmik (primer atau azurofil, sekunder, utawa spesifik) lan inti sèl kang ana ronggané kaya ing kromatin. Sèl neutrofil kang rusak bakal dadi nanah.

Panalitiyan babagan neutrofil[sunting | sunting sumber]

Panalitiyan anyar ngenani baktèri kang bisa nyerang kekebalan awak wis ngyakinaké para élmuwan bilih neutrofil kang akèh cacahé bisa nemtokaké apa sistem kekebalan awak bakal ngidinaké utawa nyegah infèksi bakteri.[3]

Neutrofil kang nggawé watara 60% saka kabèh leukosit, yaiku komponen seluler paling gedhé saka sistem kekebalan awak manungsa. Miliaran ana ing jero awak manungsa. Padatan, neutrofil ncerna lan banjur mejahi bakteri ingkang mbebayani kanthi ngasilaké molekul kang ngandhut racun tumuju sèl, kalebu zat pemutih kadosta kang diarani asam hipoklorit. Sawisé bakteri iki dipatèni, neutrofil ngrusak awaké dhéwé ing sawijining prosès kang diarani apoptosis. Bukti paling anyar nuduhaké bilih prosès iki wigati banget kanggo nambani infèksi ing awak manungsa.[3]


Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)Arti neutrofil(diundhuh 1 Februari 2013)
  2. ^ (id)Fungsi dan macam sel darah putih(diundhuh 1 Februari 2013)
  3. ^ a b Neutrofil menentukan apakah sistem kekebalan tubuh kita akan mengizinkan atau mencegah bakteri(diundhuh 24 Februari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Neutrofil&oldid=836522"