Mus Mulyadi
| Mus Mulyadi | |
|---|---|
| Latar mburi | |
| Jeneng lair | Mus Mulyadi |
| Lair | 14 Agustus 1945 (umur 67) |
| Perdamelan | penyanyi |
| Pasangan | Helen Sparingga |
Mus Mulyadi (lair ing Surabaya, Jawa Wétan, 14 Agustus 1945; umur 67 taun).[1] Mus Mulyadi iku salah siji penyanyi keroncong Indonésia. [1]Mus Mulyadi uga entuk julukan si "Buaya Keroncong".[1] Lagu-laguné Mus Mulyadi kang misuwur kayata "Kota Solo", "Dinda Bestari", "Telomoyo", lan "Jembatan Merah". [1]Mus Mulyadi tau dadi anggota Favourite Band. [1]Bojoné Mus Muyadi uga penyanyi yaiku Helen Sparingga. [1]Saliyané iku, adhike Mus Mulyadi uga dadi penyanyi pop & Jazz Mus Mujiono ing era 80-an.[1] Sadurungé dadi penyanyi, Mus Mulyadi dadi penyanyi band Irama Puspita kang banjur maleh jenengé dadi Dara Puspita. [1]Mus Mulyadi banjur nggawé grup band kang jenengé Arista Birawa nalika taun 1964.[1] Mus Mulyadi main bas lan ngrangkep dadi vokalis bareng karo Sonata Tanjung.[1] Bareng karo Arista Birawa, Mus Mulyadi nggawé album kang cacahé siji kang diproduksi PT Demita Record nalika taun 1965. [1] Mus Mulyadi lan adhiké kang cacahé telu ninggalaké Surabaya lan nekat lunga ing Singapura nalika taun 1967. [1]Sawisé tau dadi pengangguran, Mus sinau nggawé lagu lan pungkasané dadi lagu kang judhulé "Sedetik Dibelai Kasih", "Jumpa dan Bahagia", nganti éntuk lagu kang cacahé 10 lagu. [1]Mus Mulyadi banjur nawakaké karya-karyané karo Live Recording Jurong nalika taun 1969. [1]Ing Singapura, Mus Mulyadi bisa éntuk dhuwit kang cacahe 2.800 dollar Singapura kanggo LP (piringan hitam) kang cacahé loro.[1] Mus Mulyadi kena penyakit diabetes kang ndadekaké dheweké kudu njaga pola mangané.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.