Melanie Putria Dewita Sari

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Melanie Putria Dewita Sari
Lair 17 April 1982 (umur 30)
Flag of Indonesia.svg Indonesia
Pagawéyan Aktris
Taun aktif 2004 - samenika

Melanie Putria Dewita Sari (miyos 17 April 1982) inggh menika wakil saking Sumatra Kilèn ingkang kapilih dados Puteri Indonesia 2002.[1] Kanthi kontrakipun minangka Putri Indonésia, Melanie dados sibuk ndhèrèk kagiatan sosial kanggé laré lan panandhang HIV/AIDS.[1] Panjenengnipun kaliyan Miss Universe Oxana Fedorova naté tindak dhateng Candhi Borobudur Jawa Tengah saperlu gawontenaken misi kabudayan.[1] Panjenenganipun menika laré pungkasan saking pasangan Habibuddin lan Nelwetis.[1]

Sasampunipun dados Puteri Indonésia, Melanie lajeng nyobi kariér ing film.[1] Debut film ingkang sepisanan Melanie inggih menika ing film Tak Biasa (2004), ingkang nalika semanten akting sareng kaliyan Duta Sheila On Seven, lan dipunrilis tanggal 24 Juni 2004.[1] Salajengipun Melanie akting ing film Cinta Silver (2005).[1] Ing film menika Melanie akting sareng kaliyan aktris Luna Maya.[1] Salajengipun ing film Kejar Jakarta (2005), lan ndhèrèk main ing film Ayat-Ayat Cinta (2008) ingkang dipunsutradharai déning Hanung Bramantyo.[1] Sasanèsipun menika, tilas kontestan Asia Bagus1999 menika ugi main ing sinetron Keajaiban Cinta.[1]

Boten namung akting, Melanie ugi nggadhahi bakat nyanyi.[1] Sareng kaliyan Intan Nuraini lan Revalina S Temat, Melanie ndhèrèk nyumbangaken swantenipun ing album komplikasi religi kanthi irah-irahan Sang Penciptaku, ing lagu Taqwa.[1] Album menika dipunrilis nalika wulan Ramadhan 2008.[1]

Melanie Putria kagungan garwa ingkang asmanipun Angga salah satunggalipun anggota grup Malik D'Esensial, lan kagungan putra setunggal. [2]

[sunting] Pranala Njawi

(id)Melanie Putria


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m (id)Melanie Putria dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
  2. (id)Pengalaman Melanie Putria Melahirkan dipunundhuh tanggal 22 September 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès