Mariah Carey
| Mariah Carey | |
|---|---|
Mariah Carey
|
|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Mariah Angela Carey |
| Asal | New York City, New York, Amerika Serikat |
| Génré | Pop, R&B |
| Pegawéyan | Penyanyi, penulis lagu, produser rekaman, direktur video musik, aktris |
| Taun aktif | 1990–sekarang |
| Label | Island |
| Magepokan karo | Nick Cannon, Jermaine Dupri, Da Brat, Randy Jackson, The Dream, Walter Afanasieff |
| Situs wèb | www.mariahcarey.com |
Mariah Carey, artis kang lair tanggal 27 Maret 1970 ing Huntingtown, Long Island, New York) iku sawijining panyanyi saka Amérika Sarékat. [1] Mariah Carey iku bapané asalé saka Venezuela lan ibuné wong AS katurunan Irlandia. [1] Mariah iku panyanyi AS sing paling akèh nduwé hit nomor 1. [1] Agama Mariah Carey yaiku Katolik. [1] Mariah Carey nduweni dhuwur 5’ 9’’. [1] Kewarganegaraane Amerkia. [1] Mariah Carey nduweni rambut kang wernane soklat lan mripate awarna coklat. [1] Kenya lahir saka pasangan Alfred Roy Carey, minangka Insinyur Penerbangan lan Patricia Hickey, minangka mantan pelatih vocal lan penyanyi opera. [2] Carey kalebu anak ing ragil kanthi kakange Morgan lan Alison. [2]
Mariah Carey tau pacaran karo Derek Jeter, yaiku pemain baseball. [1][2] Dheweke uga tau pacaran karo penyanyi pop Luis Miguel nalika taun 1998 nganti taun 2001. [2] Carey nikah karo eksekutif rekaman Columbia Records, Tommy Mottola lan ora suwe akhire pegatan. [2] Banjur dheweke nikah karo aktor Nick Cannon kawit 30 April 2008. [2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karir
Mariah Carey mulai terkenal kawit taun 1990. [1] Mariah Carey tau ngetokake album rohani, yaiku Merry Christmas ing jerone ana tembang All I Want for Christmas Is You. [1] Carey uga tau ngetokake album kanthi irah-irahan Glitter. [1] Ing sasi April 2005 Carey ngetokake album maneh kanthi irah-irahan The Emancipation Of Mimi. [1] Kanthi tembang We Belong Together, album iki bisa ndadekake dheweke entuk 8 nominasi ing ajang Grammy Awards ing taun 2006. [1] Ing tanggal 15 April 2008 Carey ngrilis album maneh kanthi itah-irahan E=MC2. [1] Ing album iki, dheweke njagokake tembang Bye Bye, I'll Be Lovin' U Loving Time lan I Stay in Love. [1] Ing purwakaning adol album iki bisa kadol nganti 463 ewu copy. [1] Ora mung pinter nyanyi thok, dheweke uga pinter main film layar lebar. [1] Film kang tau dimainake Mariayh Carey yaiku The Bachelor ing taun 1999, Glitter ing taun 2001, Wisegirls ing taun 2002, lan State Property 2 ing taun 2005. [1]
[sunting] Prestasi
- Grammy Awards ing kategori Best New Artist lan Best Female Pop Vocal Performance kanthi tembang singgele, Vision of Love. [1]
[sunting] Pranala njaba
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
[sunting] Cathetan Suku