Manuk emprit
| Manuk Emprit | |
|---|---|
| Pipit zebra, Taeniopygia guttata | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| Suborder: | Passeri |
| kulawarga: | Estrildidae Bonaparte, 1850 |
| Marga | |
|
Lihat pada teks. |
|
Manuk emprit yaiku jeneng kanggo manuk kang ukurané cilik lan pangané wiji-wijian kang ana ing wilayah tropis Donya Lawas lan Australasia.[1] Manuk emprit kalebu suku Estrildidae, ananging ana uga kang nganggep manuk iki kalebu anak suku Estrildinae, bageéyan saka suku Passeridae.[2] Sadurungé kalompok manuk iki diklompokaké ing suku manyar-manyaran kang arané Ploceidae.[2] Manuk emprit biyasané urip nggrombol yèn luru pangan.[2] Manuk emprit ndarbèni ukuran awak kang cilik.[2] Ukuran iki kayata ing Nesocharis shelleyi dawané kurang luwih 8,3 cm utawa 3,3 inci.[2] Manuk emprit ora adaptasi karo hawa kang adhem saéngga merlokaké habitat ing wilayah tropika. [2] Ananging ing Australia kidul ana manuk emprit kang bisa urip ing hawa kang adhem.[2]Manuk emprit ngendhog antarane 4-10 endhog kang disimpen ing susuhé. [2] Susuh manuk emprit bentuké bunder kaya bal lan ana bolongan ing tengahé.[2]Susoh manuk emprit digawé saka suket lan tanduran kang wis garing.[2]
Dhaptar marga [sunting]
Marga utawa genus manuk emprit akèh cacahé.[1]
- Genus Amandava, pipit benggala
- Genus Amadina
- Genus Chloebia
- Genus Clytospiza
- Genus Cryptospiza
- Genus Emblema
- Genus Erythrura, bondol ijo
- Genus Estrilda
- Genus Euschistospiza
- Genus Heteromunia
- Genus Hypargos
- Genus Lagonosticta
- Genus Lonchura, bondol, emprit kaji
- Genus Mandingoa
- Genus Neochmia, pipit matari
- Genus Nesocharis
- Genus Nigrita
- Genus Oreostruthus, pipit buntut geni
- Genus Ortygospiza
- Genus Padda, glathik
- Genus Parmoptila
- Genus Poephila
- Genus Pyrenestes
- Genus Pytilia
- Genus Spermophaga
- Genus Stagonopleura
- Genus Taeniopygia, pipit zebra
- Genus Uraeginthus
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.