Mangsa katiga

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Mangsa ketiga)
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Mangsa katiga utawa mangsa katelu iku mangsa garing. Ing mangsa iki ora ana udan. Senadyan mengkono, mangsa iki ora sumuk banget amerga kanginan angin wétan. Mangsa katiga iku tiba ing sasi Juli lan Agustus Masehi. Ing mangsa katiga kuwi para sedulur tani ora padha nandur pari, amarga sawahé ora ana banyu. Apa manèh ing Blora lan tlatah liya sing sawahé arupa sawah tadhah udan, yèn mangsa katiga sawahé padha bera utawa ora ditanduri apa-apa amarga ora ana banyu kanggo nyiram tanduran.

Deleng uga [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mangsa_katiga&oldid=450159"