Magnèt
|
|
Artikel iki perlu dikembangaké supaya bisa nyukupi kriteria minangka èntri Wikipedia. Panjenengan bisa mbiyantu ngembangaké artikel iki. Yèn ora dikembangaké, artikel iki bakal dibusak. |
Magnèt, wesi berani utawa magnit yaiku obyek kang nduwéni médhan magnèt.[1] Tembung magnèt (magnit) asalé saka bahasa Yunani magnítis líthos kang tegesé batu Magnesian. [1]Magnesia yaiku jeneng wilayah ing Yunani ing jaman kepungkur lan saiki jenengé Manisa.[1] Dhaérah iki saiki manggon ing wilayah Turki). Ing dhaérah iki ngandhut watu magnèt kang ditemokaké wiwit jaman biyèn.[1] Magnèt yaiku obyek utawa matéri kang nduwéni médhan magnèt.[1] Matéri iki bisa awujud magnèt tetep utawa magnèt ora tetep. Magnèt kang saiki ana biyasané kagolongaké magnèt gawéyan.[1] Magnèt duwéni kutub kang cacahe loro yaiku kutub utara (north/ N) lan kutub selatan (south/ S). [1]Sanajan mangnèt dikethok-kethok, magnèt kang wis dikethok-kethok mau tetep nduwéni rong kutub magnèt.[1]
Magnèt bisa narik barang liyané.[2] Ana uga barang-barang kang ketarik kuwat karo magnèt tinimbang barang-barang liyané.[2] Barang iki yaiku bahan kang digawé saka logam.[2] Ananging saben logam siji lan sijiné nduwéni daya tarik kang béda-béda tumprap magnèt. [2]Wesi lan waja kalebu logam kang nduwéni daya tarik kang kuwat karo magnèt, ananging oksigèn cair kalebu matèri kang nduwéni daya tarik kang kurang kuwat tumprap magnèt.[2]
Magnet gaweyan [sunting]
Magnèt gawéyan yaiku magnet kang pancén sengaja digawé, magnèt gawéyan iki kang umumé dianggo saiki.[2]
Bentuk magnèt gawèyan yaiku:[2]
- Magnèt U
- Magnèt ladam
- Magnèt batang
- Magnèt lingkaran
- Magnèt jarum (kompas)
Ngilangke sifat magnet [sunting]
Cara ngilangaké sifat magnèt yaiku:[2]
- Dibakar.
- Dibanting-banting.
- Dithuthuk-thuthuk.
- Magnèt diséléhaké ing solenoidayaiku kumparan kawat kang bentuké tabung dawa kanthi lilitan kang rapet lan dialiri arus listrik bolak-balik utawa diarani arus listrik AC.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.