Mégan
| Rock Dove | |
|---|---|
| Dara megan | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Columbiformes |
| kulawarga: | Columbidae |
| Genus: | Columba |
| Species: | C. livia |
| Jeneng binomial | |
| Columba livia Gmelin, 1789[2] |
|
| Dhaerah sebaran | |
Dara Mégan (Columba livia) yaiku jinis dara, famili Columbidae. Jinis dara iki gampang titenane, yaiku nduweni wulu endhas lan gulune erna klawu tuwa, mengkilat ijo utawa abang ing gulu, garis kadel werna ireng ing suwiwi lan pucuk buntut, lan wulu putih ing suwiwi sisih njero. Dara megan kang isih alasan nduweni werna wulu awak klawu enom, dene kang lulut lan dadi ingon-ingone manungsa uga nduweni werna variasi saka blirik ireng nganti semu ireng.
Bab lan Paragraf |
Dheskripsi awak [sunting]
Dara Megan diwasa awak dawane 29-37 cm, ambane suwiwi 62-72cm. Dara kang isih alasan bobote 238-380 gram. Werna Wulu kaya kang wus kadheskripsi ing ndhuwur. Dara lanang lan wadon nduweni praupan kang memper, senajan uga ana bedane.
Papan urip [sunting]
Kewan iki urip ing dhaerah kang tenggar, lan ing alam umume mbangun susuh ing watu utawa karang. Asline tinemu ing Eropah, Afrika Lor lan Asia Kulon, banjur sumebar ing akeh papan. Populasine udakara 17-28 yuta ing Eropah.
Reprodhuksi [sunting]
Dara megan umume nduweni sifat monogami, ngendhog cacah 2 lan diayahi dening dara lanang lan wadon.
Stages of life cycle [sunting]
Kaluputan sitat (pangutipan) Tag <ref> ditemokaké, nanging tag <references/> ora ditemokaké